Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 42
40–41 dari 206
395–404 dari 2.057
06.037 tanpa wêkas arinisun iki | sira lan isun măngsa na kalah | tuwas angrusak wong akèh | dadi [[f. 40v]] ragarèku[1] |[2] ing nagara kang rayi bakti | sumăngga rêmbag dika | kang raka amuwus | yèn rêmbag payo aseba | marang rama sarèhe tinurut yayi | dhenga ikang bêjaa ||
06.038 nanging aja sawala ing kapti | igih kangmas kawula arêmbag | kêkanthèn asta lakune | wus prapta prênahipun | gêdhong wêsi prasamya bakti | rama ji nuwun sabda | rèh paduka ulun | gèn aba rêbat nagara | tanpa wêkas mangke sungga[3] karsa ji |[4] sitên ikang kalilan ||
06.039 angandika putraningsun kalih | wis aja na padudon rêmbaga | dèn atut sêsanak radèn | mangkene patut ingsun | ingsun paro nagari Jawi | Ki Sêsuruh duwea | saparone iku | madêga ratu bang wetan | anak ingsun Ciyungwanara sapalih | kulon madêga nata ||
06.040 putra kalih samya atur bakti | tan lênggana saandika nata | dyan sang prabu andikane | dening ta watês isun | ing Cipalèh iku ta sami | wetane sapangetan | kang duwe Ki Suruh | kulone mangulon pisan | kang duwea Ki Ciyungwanara sami | wis aja na sawala ||
06.041 sang nata musna lan gêdhongnèki | ikang kari gêgêtun kewala | samya karareos[5] nalane |[6] kang raka rayi atut | rêrêmbagan anèng Cipalih | de Cipalih [[f. 41r]: Ci...palih] punika | sakilèning Galuh | sakilènipun Ciancang | sakidule Ciamis sawetannèki | nênggih ngiba[7] nagara ||
06.042 wis ta yayi nagara pinalih | sira ngadêga ing Pajajaran | kuthaa Pakuhan mangke | ingsun amadêg ratu | anèng wetan ing Majapait | ikang rayi tur sêmbah | kawula anurut | wis yayi aèng ulonga | sun angetang punika tartantu wong kilèn maksih |[8] sadaya basa Sundha ||
06.043 wong bang wetan sami basa Jawi | Ciyungwanara wus ngadêg nata | ing Pajajaran kuthane | tulus jumênêng ratu | kunêng Radèn Suruh winuni | anutugakên brăngta | mangun tapa wau | abakta sêlir satugal | loro sanak kang tuwa jalêr sawiji | kinarya ponakawan ||
06.044 binakta nusup wana kang wêrit | mugah gunung tumurun ing jurang | manjing guwa sungil mangke | alama anèng ngriku | Ki Sêsuruh amati ragi | kang tinêdha tulus |[9] pajênênganipun[10] | tumurun aja kasêlan | salami ngêpêla nêgari Jawi |[11] turunira piyabak[12] ||
06.045 nanging tansah bineka ing sêlir | lawan kadange lanang satugal | angaru-ara tangise | tan kèndêl ritên dalu | ngêrak-ngêrik sêsambatnèki | wêruha yèn mangkana | isun nora milu | tan bêtah ngong nora mangan | jaluk bukti payo mulih mring nagari | ngong tan bêtah abrăngta [[f. 41v]] ||
06.046 barang kang kacandhak dipun bukti | nora marêm tansah ngamah-amah | miwah tan bêtah turone | tansah ingimur-imur | maksa beka nora dèn pyarsi | anangis ngaru-ara | bêndu sang abagus | anibakakên sêngara | nêpsunira kaya buta sun arani | ni rara dadi buta ||
40–41 dari 206

 


raganirèku (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.37.4). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: dadi raganirèku (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.37.4). (kembali)
sumăngga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.38.9). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: tanpa wêkas mangke sumăngga karsa ji (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.38.9). (kembali)
karaos (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.41.3). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: samya karaos nalane (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.41.3). (kembali)
ngimba. (kembali)
Lebih tiga suku kata. Bandingkan: sun angetang tartantu wong kilèn maksih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.42.9). (kembali)
Kurang satu suku kata dan biasanya guru lagu a. Bandingkan: kang tinêdha tulusa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.44.6). (kembali)
10 panjênênganipun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.44.7). (kembali)
11 Kurang satu suku kata. Bandingkan: salamine ngêpêla nagari Jawi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.44.9). (kembali)
12 piyambak (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.44.10). (kembali)