Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
6–7 dari 42
41–42 dari 206
405–414 dari 2.057
| 06.047 | dadi buta lanang kakangnèki | ni rara dadi buta wanodya | Jaka Sêsuruh dan linge | wis karia sirèku | guwa iki tugunên sami | sakutu walang taga | kèdhêpa sadarum | ngiras dadi panganira | sinupatan Ki Sêsuruh sampun mijil | kapukur ni rasaksa || |
| 7. Pangkur | |
| 07.001 | ngetan bênêr lampahira | mudhun jurang asungil manjing wana kang wêrit |[1] kadya jukung magih timur | lir lêlayangan pêgat | kang nèng marga baya pakewuh kèh lampus | alama sira nèng marga | nora dhahar nora guling || |
| 07.002 | mêsu tyas nênêdhèng ing Yyang | majing guwa sangêt amating[2] ragi | alama anèng ing ngriku | rumiyin tapanira | dèrèng tutug kabeka ing sêliripun | mila winangun tapanya | bêntur nèng guwa anêpi || |
| 07.003 | punang guwa cinarita | lir kadhatyan tudha sapta kang kari | paseban mawi manguntur | tanapi sokasana | jroning guwa padhang dening soca murub | lêlasene[3] tudha sanga | pasareyan adi luwih || |
| 07.004 | ya iku kang pacikraman[4] | nata dèwi kang marentah rat Jawi | sakathahe ing lêlêmbut | sadaya angawula | cinarita [[f. 42r]: ci...narita] mula-mulane karuwun | istu manusya kajiman | barang kang cinipta dadi || |
| 07.005 | ratu sakti mahabara | prabu rara warna lir widadari | warnane salin ping pitu | bisa nom bisa tuwa | mancala putra mancali putri pujul | pa lire kadya punika | bisa lanang bisa èstri || |
| 07.006 | yèn kinawi lan cinadra | luwih rupa kurang codra kang kawi | kurang malih luwih iku | kasaktèn pujul wigya | cinarita kagegeran wadyanipun | yèn ana satiya[5] tapa | wus uninga raja dèwi || |
| 07.007 | mangkana ciptaning nala | sun gudhane[6] kusuma kang lagi brangti |[7] dimone tapane wurung | raja dèwi tumêdhak | kunêng ikang nèng guwa kang lagya junun | matitis ing granasika | nora nana kang kaèksi || |
| 07.008 | tapanira mèh têlasan | kurang pitung dina lan pitung bênging[8] | wayahipun têngah dalu | akathah kang katingal | agêgila mêdosi myang amrih lampus | nanging Ki Suruh tan obah | anulya na kaki kaki || |
| 07.009 | amarani Ki Sêsadhah[9] | pangucape lah pirsakêna kaki | istu tapanira iku | tinarima Pangeran | tutugêna eman kari pitung dalu | ewa mêngkana luwara | wus katarima Yyang Widi || |
41–42 dari 206
| 1 | Lebih tiga suku kata: mudhun jurang sungil manjing wana writ. (kembali) |
| 2 | amati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.2.2). (kembali) |
| 3 | lêlangsene (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.3.6). (kembali) |
| 4 | pacangkraman (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.4.1). (kembali) |
| 5 | satriya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.6.6). (kembali) |
| 6 | godhane (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.7.2). (kembali) |
| 7 | Lebih satu suku kata: sun godha kusuma kang lagi brangti. (kembali) |
| 8 | bêngi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.8.2). (kembali) |
| 9 | Sasêdhah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.9.1). (kembali) |