Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 42
37–38 dari 206
366–375 dari 2.057
06.008 yèn ingsun duwea ujar kalih | dadi ratu sangara ing jagat | Ciyungwanara ature | batên ulun angrêbut | panjênênganipun kaka ji | punika êmpu dhomas | kang kawula suwun | sampun paduka parentah | angagura ecaa dhahar aguling | saking kula lan kangmas ||
06.009 igih kula istu angladosi | mring kakangmas punapa kang karsa | pakaryyaning êmpu kabèh | mijila saking ulun | atanapi karsa rama ji | kula kang nyaosana | sakarsa pukulun | iya kaki sun alêga | karsanira rêmbuga lan kaki aji | tèn[1] atut asêsasanak[2] [[f. 37v]: a...sêsasanak] |[3]|
06.010 nulya prabu anom dèn tibali | sampun prapta lênggah anèng ngarsa | kang asowan ngalêm kabèh | Ki Siyungwanarèku | dening kêmbar lawan sang aji | kaot nom lawan tuwa | ngandika sang prabu | kaki iki arinira | lagya prapta jaluk warisan nêgari | dening uwus kaliwat ||
06.011 sun duma jrih dewa kang luwih |[4] arinira iya nora arsa | jaluk êmpu dhomas bae | isun têka anurut | prabu anom ngandika aris | yayi iku sapala | dhinahara prabu | payo mukti apalihan | sira lawan ingsun sami andarbèni | nuwun Ciyungwanara ||
06.012 kangmas kawula tan yun sapalih | wus kaliwat nging êmpu kewala | kula ngladosna karyane | rama dimone ngagur | lah apaa karsanirèki | angindika[5] kang rama | uwis ja winuwus | tulusa atut kêkadang | ikang sapa miwiti sun tan ngamini | nulya samya luwaran ||
06.013 Jaka Sêsuruh tulus dadya aji |[6] Ki Ciyung marentah êmpu dhomas | damêl padalêman sae | kinêmbar lan kadhatun | arang seba pakaryanèki | ngupulkên êmpu dhomas | siyang lawan dalu | karya dandan gêgaman |[7] waos dhuwung bêdhil tawok[8] gada piling | tulup kalawan raras ||
06.014 kêbak paseban lawaning pati | warna-warna myang ukir-ukiran | nulya Ki Ciyung agawe | gêdhong wêsi pan agung | dipun ukir rinaja [[f. 38r]] wrêdi | tinatah ing mas abang | nayakane murub | cinêplok lawan sêsotya | muncar-mancur kang ing jro rineka jalmi | sajagat tan asama ||
06.015 nulya kang rama di dipun aturi |[9] lawan ibu kinèn maonana | sang prabu prapta dalême | lan ibu pramèsyantun | kagawokan dènnya ningali | pasang rakit kadhatyan | akalipun punjul | Ciyuwanara[10] amapag | atur bakti pinêngkul dening sang aji | bisa têmên ki putra ||
06.016 apa sira kang garap pribadi | igih sadaya kang êmpu dhomas | da sadaya ngladosi bae |[11] manjing ing dalêmipun | lajêng dhatêng ing gêdhong wêsi | anjêngêr sri narendra | miwah pramèsyantun | lir dede ukiran jalma | kaki iki sira kang ngukir pribadi | igih barkat paduka ||
06.017 mila paduka ămba aturi | maonana kaki putraniwang | norana winaon mangke | ingidêran sang prabu | bagus têmên pakaryanèki | matur Ciyungwanara | ing jro lakung bagus | sanès kalawan ing jaba | reka jalma dèrèng wontên kang maoni | ibu ratu sumăngga ||
37–38 dari 206

 


dèn (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.9.10). (kembali)
asêsanak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.9.10). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: dèn atut asêsanak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.9.10). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: isun êdum jrih dewa kang luwih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.11.1). (kembali)
angandika (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.12.6). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: Jaka Sêsuruh tulus dadya ji (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.13.1). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: karya dadanan [dandanan] gêgaman (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.13.8). (kembali)
towok (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: nulya kang rama dipun aturi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.15.1). (kembali)
10 Ciyungwanara. Bandingkan: Ciyungwênara (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.15.8). (kembali)
11 Lebih satu suku kata. Bandingkan: sadaya ngladosi bae (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.16.3). (kembali)