Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7 dari 42
42–43 dari 206
417–426 dari 2.057
07.012 gandrung-gandrung ngudang brăngta | kasêmêkan kinudhungakên sapalih |[1] sang dyah sarwi arawat luh | amala-mala jaja | têka dhepok saryya lulur-lulur suku | angudang kung brangtasmara | sapolahe dudut ati ||
07.013 Jaka Sêsuruh tumingal | kalangkung dening awas kang lagi brangti |[2] pinirsa sêsambatipun | katuwone wak iwang | tilar yayah rena norana sun etung | anging kang katon supêna | ikang asung lara brangti ||
07.014 sun ulati jajah desa | milang kari sun ulati tan kpanggih | kang nama Jaka Sêsuruh | wruh nama tan wruh rupa | kalud dane[3] adhuh sidiparag ngantu | aja katon ing supêna | tuwas kapiran wak mami ||
07.015 akèh satriya nglêlamar | tan sun etang mung si dhokah[4] kang kèpi | apa dora apa tuhu | si bukêr[5] kasupêna | lamun dora dewa patènana ingsun | mulih wirang ing sasama | amurang ing yayah bibi ||
07.016 kathah sambating abrăngta | Ki Sêsuruh mirsa kanyut ing ati | sambate ikang wulangun | lêlêng sampun kagiwang | tan [[f. 43r]: ta...n] jiwa karasa duk wiryanipun |[6] tumurun sang dyah pinaran | arsa dipun têtakèni ||
07.017 nini midêla sakêdhap | dènnya brăngta isun arsa miyarsi | dening ngago Ki Sêsuruh | ya kapotangan paran | yun wêruha darunane jênêng isun | dening bangêt dukanira | sosote kaya gulamit ||
07.018 kumêpyur midêl sang rêtna | nora nana jro guwa ana jalmi | ujare kathah kawêtu | ajrih-ajrih awirang | sarêng nalèh[7] paguting tingal suh rêmpu | dening kang katon supênê- |[8] nira binawur citrèki ||
07.019 yèn ta nyata amiyarsa | manmahane[9] dêdukane wong iki | sang rêtna dèwi tumukul | Radèn Suruh kagiwang | tanpa jiwa lali kasutapanipun | ciptane kadya mêkana[10] | lah pajara nimas ari ||
07.020 purwane têkèng wasana | dening èstri katêkan mati ragi | kawula têtiyang Galuh | suwala yayah rena | kathah sudi tinari ămba tanpayun | wêkasan dalu supêna | mawongan putra nêrpati ||
07.021 kang aran Radèn Sêsêdhah | kentar ngetan anglangut sun ulati | tambuh warna mirsa tutur | yayi dulunên iwang | apa nyata ingsun Ki Jaka Sêsuruh | acêlor sang dya tuminga[11] | tumukul wik-uwik siti ||
42–43 dari 206

 


Lebih satu suku kata: kasêmêkan kinudhungkên sapalih. (kembali)
Lebih satu suku kata: langkung dening awas kang lagi brangti. (kembali)
dene. Bandingkan: dening (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.14.5). (kembali)
dhongkah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.15.2). (kembali)
bungkêr (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.15.4). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: tanpa jiwa karaos duk wiryanipun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.16.5). (kembali)
nolèh. Bandingkan: nolih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.18.5). (kembali)
Biasanya guru lagu a. Bandingkan: supêna (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.18.6). (kembali)
mandahane (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.19.2). (kembali)
10 mêngkana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.19.6). (kembali)
11 tumingal (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.21.6). (kembali)