Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
7 dari 42
42–43 dari 206
419–428 dari 2.057
| 07.014 | sun ulati jajah desa | milang kari sun ulati tan kpanggih | kang nama Jaka Sêsuruh | wruh nama tan wruh rupa | kalud dane[1] adhuh sidiparag ngantu | aja katon ing supêna | tuwas kapiran wak mami || |
| 07.015 | akèh satriya nglêlamar | tan sun etang mung si dhokah[2] kang kèpi | apa dora apa tuhu | si bukêr[3] kasupêna | lamun dora dewa patènana ingsun | mulih wirang ing sasama | amurang ing yayah bibi || |
| 07.016 | kathah sambating abrăngta | Ki Sêsuruh mirsa kanyut ing ati | sambate ikang wulangun | lêlêng sampun kagiwang | tan [[f. 43r]: ta...n] jiwa karasa duk wiryanipun |[4] tumurun sang dyah pinaran | arsa dipun têtakèni || |
| 07.017 | nini midêla sakêdhap | dènnya brăngta isun arsa miyarsi | dening ngago Ki Sêsuruh | ya kapotangan paran | yun wêruha darunane jênêng isun | dening bangêt dukanira | sosote kaya gulamit || |
| 07.018 | kumêpyur midêl sang rêtna | nora nana jro guwa ana jalmi | ujare kathah kawêtu | ajrih-ajrih awirang | sarêng nalèh[5] paguting tingal suh rêmpu | dening kang katon supênê- |[6] nira binawur citrèki || |
| 07.019 | yèn ta nyata amiyarsa | manmahane[7] dêdukane wong iki | sang rêtna dèwi tumukul | Radèn Suruh kagiwang | tanpa jiwa lali kasutapanipun | ciptane kadya mêkana[8] | lah pajara nimas ari || |
| 07.020 | purwane têkèng wasana | dening èstri katêkan mati ragi | kawula têtiyang Galuh | suwala yayah rena | kathah sudi tinari ămba tanpayun | wêkasan dalu supêna | mawongan putra nêrpati || |
| 07.021 | kang aran Radèn Sêsêdhah | kentar ngetan anglangut sun ulati | tambuh warna mirsa tutur | yayi dulunên iwang | apa nyata ingsun Ki Jaka Sêsuruh | acêlor sang dya tuminga[9] | tumukul wik-uwik siti || |
| 07.022 | sang kakung norana baya | iki [[f. 43v]] panukman Dèwi Ratih |[10] ingkang asmara ngudang kung | angujit-rujit[11] nala | adèn wurung tapa sida wuyung |[12] mung iki kang dadi brăngta | awèh edan ngudang ragi || |
| 07.023 | wulangun isun mas dewa | nora ketang wurung dadi nêrpati | midêr ing rat sun tan nêmu | sang dya mèsêm tumingal | dhuh wong iki akuhe[13] kaya kumêndur | dening ta daya gêlêma | dèn wa-wawa yèn kèpi |[14]| |
42–43 dari 206
| 1 | dene. Bandingkan: dening (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.14.5). (kembali) |
| 2 | dhongkah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.15.2). (kembali) |
| 3 | bungkêr (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.15.4). (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tanpa jiwa karaos duk wiryanipun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.16.5). (kembali) |
| 5 | nolèh. Bandingkan: nolih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.18.5). (kembali) |
| 6 | Biasanya guru lagu a. Bandingkan: supêna (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.18.6). (kembali) |
| 7 | mandahane (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.19.2). (kembali) |
| 8 | mêngkana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.19.6). (kembali) |
| 9 | tumingal (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.21.6). (kembali) |
| 10 | Kurang dua suku kata: pa iki panukmane dèwi ratih. (kembali) |
| 11 | angrujit-rujit (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.22.4). (kembali) |
| 12 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: adèn wurung tapa apan sida wuyung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.22.5). (kembali) |
| 13 | angkuhe (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.23.5). (kembali) |
| 14 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dèn wawa-wawa yèn kèmpi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.23.7). (kembali) |