Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7 dari 42
43 dari 206
421–430 dari 2.057
07.016 kathah sambating abrăngta | Ki Sêsuruh mirsa kanyut ing ati | sambate ikang wulangun | lêlêng sampun kagiwang | tan [[f. 43r]: ta...n] jiwa karasa duk wiryanipun |[1] tumurun sang dyah pinaran | arsa dipun têtakèni ||
07.017 nini midêla sakêdhap | dènnya brăngta isun arsa miyarsi | dening ngago Ki Sêsuruh | ya kapotangan paran | yun wêruha darunane jênêng isun | dening bangêt dukanira | sosote kaya gulamit ||
07.018 kumêpyur midêl sang rêtna | nora nana jro guwa ana jalmi | ujare kathah kawêtu | ajrih-ajrih awirang | sarêng nalèh[2] paguting tingal suh rêmpu | dening kang katon supênê- |[3] nira binawur citrèki ||
07.019 yèn ta nyata amiyarsa | manmahane[4] dêdukane wong iki | sang rêtna dèwi tumukul | Radèn Suruh kagiwang | tanpa jiwa lali kasutapanipun | ciptane kadya mêkana[5] | lah pajara nimas ari ||
07.020 purwane têkèng wasana | dening èstri katêkan mati ragi | kawula têtiyang Galuh | suwala yayah rena | kathah sudi tinari ămba tanpayun | wêkasan dalu supêna | mawongan putra nêrpati ||
07.021 kang aran Radèn Sêsêdhah | kentar ngetan anglangut sun ulati | tambuh warna mirsa tutur | yayi dulunên iwang | apa nyata ingsun Ki Jaka Sêsuruh | acêlor sang dya tuminga[6] | tumukul wik-uwik siti ||
07.022 sang kakung norana baya | iki [[f. 43v]] panukman Dèwi Ratih |[7] ingkang asmara ngudang kung | angujit-rujit[8] nala | adèn wurung tapa sida wuyung |[9] mung iki kang dadi brăngta | awèh edan ngudang ragi ||
07.023 wulangun isun mas dewa | nora ketang wurung dadi nêrpati | midêr ing rat sun tan nêmu | sang dya mèsêm tumingal | dhuh wong iki akuhe[10] kaya kumêndur | dening ta daya gêlêma | dèn wa-wawa yèn kèpi |[11]|
07.024 sang dyah canggèh ngudasmara | siyat-siyut koca[12] sampur nyabêti | Ki Sêsuruh wus wulangun | angrungrum angrêrêpa | sang dyah ayu wus kagiwang manahipun | kaguturan ing asmara | marlupa sariranèki ||
07.025 sang kakung arsa angaras | karsanira radyan nêkakkên kapti | sang dya rara maksih emut | ngucap anyêkah[13] jaja | mêko-mêngko[14] radèn dulunên katèngsun | luguha isun wêwarta | dadi sangaring nagari ||
43 dari 206

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: tanpa jiwa karaos duk wiryanipun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.16.5). (kembali)
nolèh. Bandingkan: nolih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.18.5). (kembali)
Biasanya guru lagu a. Bandingkan: supêna (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.18.6). (kembali)
mandahane (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.19.2). (kembali)
mêngkana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.19.6). (kembali)
tumingal (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.21.6). (kembali)
Kurang dua suku kata: pa iki panukmane dèwi ratih. (kembali)
angrujit-rujit (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.22.4). (kembali)
Kurang dua suku kata. Bandingkan: adèn wurung tapa apan sida wuyung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.22.5). (kembali)
10 angkuhe (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.23.5). (kembali)
11 Kurang satu suku kata. Bandingkan: dèn wawa-wawa yèn kèmpi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.23.7). (kembali)
12 kănca (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.24.2). (kembali)
13 anyêngkah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.25.4). (kembali)
14 mêngko-mêngko (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.25.5). (kembali)