Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
7 dari 42
43–44 dari 206
428–437 dari 2.057
| 07.023 | wulangun isun mas dewa | nora ketang wurung dadi nêrpati | midêr ing rat sun tan nêmu | sang dya mèsêm tumingal | dhuh wong iki akuhe[1] kaya kumêndur | dening ta daya gêlêma | dèn wa-wawa yèn kèpi |[2]| |
| 07.024 | sang dyah canggèh ngudasmara | siyat-siyut koca[3] sampur nyabêti | Ki Sêsuruh wus wulangun | angrungrum angrêrêpa | sang dyah ayu wus kagiwang manahipun | kaguturan ing asmara | marlupa sariranèki || |
| 07.025 | sang kakung arsa angaras | karsanira radyan nêkakkên kapti | sang dya rara maksih emut | ngucap anyêkah[4] jaja | mêko-mêngko[5] radèn dulunên katèngsun | luguha isun wêwarta | dadi sangaring nagari || |
| 07.026 | yèn aja emuta iwang | dadi apa sira nêkakkên kapti | sêdhêng samene rinisun | wong gêguyon lan sanak | isun uga kangdangira[6] kang pabayun | kang tinudhung kajêng rama | tinari krama tan apti || |
| 07.027 | mêngko wus karsa Yyang Sukma | lawan sira sun jinis dudu jinis | Jaka Sêsuruh gêgêtun | tan sipi ikang raka | ajrih wirang Jaka Sêsuruh anêku[7] | kakangbok batên anyana | nuwun pangapura mami || |
| 07.028 | dening sanès warnanira | mangke [[f. 44r]: mang...ke] emut ya wi[8] ja watir yayi | sadurunge sun kang mêngku | karane sun abeka | wus luwara tulusa jumênêng ratu | anèng nagri Majalêngka | sun anèng sagara wêdhi || |
| 07.029 | wus pinasthi jênêngira | run-tumurun ngêpêl nagara Jawi | ing jaman akir ing besuk | turunira digdaya | anglir eyang ing Mataram nagrinipun | ikang amongmong manira | Sagara Kidul gon mami || |
| 07.030 | wis yayi sira mitara[9] | igih kangbok sampun sampeyan dohi | iya yi saparanmu |[10] ingsun nora atêbah | saturunmu ingsun kang amongmong besuk | ikang raka sampun ical | Ki Sêsuruh nulya mijil || |
| 07.031 | kentar parane angetan | Ki Sêsuruh kandhêg ing Kaligunting | ngèngèr ni răndha puniku | laminira sawarsa | ayun kentar tisnane ni răngdha tumut | anjujug ing sanakira | lanang nake tiga uni || |
| 07.032 | wong têtiga sami lanang | ikang tuwa Ki Wiro arannèki | panggulu Palih ranipun | Ki Bandar kang taruna | pakaryane nandur wiji wong puniku | mapan lagya apanduman | nyai răngdha nulya prapti || |
43–44 dari 206
| 1 | angkuhe (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.23.5). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dèn wawa-wawa yèn kèmpi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.23.7). (kembali) |
| 3 | kănca (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.24.2). (kembali) |
| 4 | anyêngkah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.25.4). (kembali) |
| 5 | mêngko-mêngko (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.25.5). (kembali) |
| 6 | kadangira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.26.5). (kembali) |
| 7 | andhêku (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.27.5). (kembali) |
| 8 | wis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.28.2). (kembali) |
| 9 | mintara (dan di tempat lain dan bentukan lain). Bandingkan: mentara (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.30.1). (kembali) |
| 10 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: iya yayi saparanmu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.30.3). (kembali) |