Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7 dari 42
43–44 dari 206
430–439 dari 2.057
07.025 sang kakung arsa angaras | karsanira radyan nêkakkên kapti | sang dya rara maksih emut | ngucap anyêkah[1] jaja | mêko-mêngko[2] radèn dulunên katèngsun | luguha isun wêwarta | dadi sangaring nagari ||
07.026 yèn aja emuta iwang | dadi apa sira nêkakkên kapti | sêdhêng samene rinisun | wong gêguyon lan sanak | isun uga kangdangira[3] kang pabayun | kang tinudhung kajêng rama | tinari krama tan apti ||
07.027 mêngko wus karsa Yyang Sukma | lawan sira sun jinis dudu jinis | Jaka Sêsuruh gêgêtun | tan sipi ikang raka | ajrih wirang Jaka Sêsuruh anêku[4] | kakangbok batên anyana | nuwun pangapura mami ||
07.028 dening sanès warnanira | mangke [[f. 44r]: mang...ke] emut ya wi[5] ja watir yayi | sadurunge sun kang mêngku | karane sun abeka | wus luwara tulusa jumênêng ratu | anèng nagri Majalêngka | sun anèng sagara wêdhi ||
07.029 wus pinasthi jênêngira | run-tumurun ngêpêl nagara Jawi | ing jaman akir ing besuk | turunira digdaya | anglir eyang ing Mataram nagrinipun | ikang amongmong manira | Sagara Kidul gon mami ||
07.030 wis yayi sira mitara[6] | igih kangbok sampun sampeyan dohi | iya yi saparanmu |[7] ingsun nora atêbah | saturunmu ingsun kang amongmong besuk | ikang raka sampun ical | Ki Sêsuruh nulya mijil ||
07.031 kentar parane angetan | Ki Sêsuruh kandhêg ing Kaligunting | ngèngèr ni răndha puniku | laminira sawarsa | ayun kentar tisnane ni răngdha tumut | anjujug ing sanakira | lanang nake tiga uni ||
07.032 wong têtiga sami lanang | ikang tuwa Ki Wiro arannèki | panggulu Palih ranipun | Ki Bandar kang taruna | pakaryane nandur wiji wong puniku | mapan lagya apanduman | nyai răngdha nulya prapti ||
07.033 dèn tutur purwane kina | wusing mangkana Ki Sêsuruh kèn kari |[8] tigang wulan laminipun | Ki Sêsuruh dan kentar | Ki Wiro Palih Bandar prasamya tumut | kalunta-lunta parannya | ing wayah tangange mangkin ||
07.034 wus kandhêg dening kang panas [[f. 44v]] | têbih êlor kidul wetan ing nguni | nèng ara-ara gènipun | kayu sawit ngauban | Ki Sêsuruh mulan[9] ing kayon puniku | Ki Wiro mêthik satugal | durmane pinêcah aglis ||
43–44 dari 206

 


1 anyêngkah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.25.4). (kembali)
2 mêngko-mêngko (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.25.5). (kembali)
3 kadangira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.26.5). (kembali)
4 andhêku (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.27.5). (kembali)
5 wis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.28.2). (kembali)
6 mintara (dan di tempat lain dan bentukan lain). Bandingkan: mentara (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.30.1). (kembali)
7 Kurang satu suku kata. Bandingkan: iya yayi saparanmu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.30.3). (kembali)
8 Lebih satu suku kata: wus mangkana Ki Sêsuruh kèn kari. (kembali)
9 mulat (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.34.5). (kembali)