Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7–8 dari 42
44–45 dari 206
432–441 dari 2.057
07.027 mêngko wus karsa Yyang Sukma | lawan sira sun jinis dudu jinis | Jaka Sêsuruh gêgêtun | tan sipi ikang raka | ajrih wirang Jaka Sêsuruh anêku[1] | kakangbok batên anyana | nuwun pangapura mami ||
07.028 dening sanès warnanira | mangke [[f. 44r]: mang...ke] emut ya wi[2] ja watir yayi | sadurunge sun kang mêngku | karane sun abeka | wus luwara tulusa jumênêng ratu | anèng nagri Majalêngka | sun anèng sagara wêdhi ||
07.029 wus pinasthi jênêngira | run-tumurun ngêpêl nagara Jawi | ing jaman akir ing besuk | turunira digdaya | anglir eyang ing Mataram nagrinipun | ikang amongmong manira | Sagara Kidul gon mami ||
07.030 wis yayi sira mitara[3] | igih kangbok sampun sampeyan dohi | iya yi saparanmu |[4] ingsun nora atêbah | saturunmu ingsun kang amongmong besuk | ikang raka sampun ical | Ki Sêsuruh nulya mijil ||
07.031 kentar parane angetan | Ki Sêsuruh kandhêg ing Kaligunting | ngèngèr ni răndha puniku | laminira sawarsa | ayun kentar tisnane ni răngdha tumut | anjujug ing sanakira | lanang nake tiga uni ||
07.032 wong têtiga sami lanang | ikang tuwa Ki Wiro arannèki | panggulu Palih ranipun | Ki Bandar kang taruna | pakaryane nandur wiji wong puniku | mapan lagya apanduman | nyai răngdha nulya prapti ||
07.033 dèn tutur purwane kina | wusing mangkana Ki Sêsuruh kèn kari |[5] tigang wulan laminipun | Ki Sêsuruh dan kentar | Ki Wiro Palih Bandar prasamya tumut | kalunta-lunta parannya | ing wayah tangange mangkin ||
07.034 wus kandhêg dening kang panas [[f. 44v]] | têbih êlor kidul wetan ing nguni | nèng ara-ara gènipun | kayu sawit ngauban | Ki Sêsuruh mulan[6] ing kayon puniku | Ki Wiro mêthik satugal | durmane pinêcah aglis ||
8. Durma
08.001 dipun dhahar dening Ki Sêsuruh ika | alêgi èsmu pait | Ki Sêsuruh ngucap | iki sun lèhkên aran | ya kene ing Majapait | arêmên iwang | dhêdhukuh Majapait ||
08.002 samya nênadur pala kapêndhêm ika | pala gumatung[7] dadi | sampuning alama | dènira adhêdhêkah | Ki Suruh nèng Majapait | kala sêmana | têtanêmane mohi ||
44–45 dari 206

 


andhêku (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.27.5). (kembali)
wis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.28.2). (kembali)
mintara (dan di tempat lain dan bentukan lain). Bandingkan: mentara (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.30.1). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: iya yayi saparanmu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.30.3). (kembali)
Lebih satu suku kata: wus mangkana Ki Sêsuruh kèn kari. (kembali)
mulat (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.34.5). (kembali)
gumantung. (kembali)