Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7–8 dari 42
44–45 dari 206
437–446 dari 2.057
07.032 wong têtiga sami lanang | ikang tuwa Ki Wiro arannèki | panggulu Palih ranipun | Ki Bandar kang taruna | pakaryane nandur wiji wong puniku | mapan lagya apanduman | nyai răngdha nulya prapti ||
07.033 dèn tutur purwane kina | wusing mangkana Ki Sêsuruh kèn kari |[1] tigang wulan laminipun | Ki Sêsuruh dan kentar | Ki Wiro Palih Bandar prasamya tumut | kalunta-lunta parannya | ing wayah tangange mangkin ||
07.034 wus kandhêg dening kang panas [[f. 44v]] | têbih êlor kidul wetan ing nguni | nèng ara-ara gènipun | kayu sawit ngauban | Ki Sêsuruh mulan[2] ing kayon puniku | Ki Wiro mêthik satugal | durmane pinêcah aglis ||
8. Durma
08.001 dipun dhahar dening Ki Sêsuruh ika | alêgi èsmu pait | Ki Sêsuruh ngucap | iki sun lèhkên aran | ya kene ing Majapait | arêmên iwang | dhêdhukuh Majapait ||
08.002 samya nênadur pala kapêndhêm ika | pala gumatung[3] dadi | sampuning alama | dènira adhêdhêkah | Ki Suruh nèng Majapait | kala sêmana | têtanêmane mohi ||
08.003 warna-warna têtanêmane adadya | têtaga[4] desa marsi[5] | yèn tanêman mêdal | sadaya samya prapta | ana bakta bêras pari | myang bakta arta | miwah uyah tarasi ||
08.004 ikang arsa angrungu samya abakta | miwah kampuh jêjarit | anging datan arsa | ika ingurupana | padha gawanên ta sigih | sakêlarira | agendhong amikuli ||
08.005 wus alawas kaloka ing lêlampahan | wontên sapuluh wêngi | myang satêngah wulan | lajêng prasamya wisma | angalèh ing Majapait | kathahing wisma | wong tigang èwu mangkin ||
08.006 Kae Jaka Sêsuruh makya[6] angucap | Bapa Wiro ing ngriki | kawêngku ing sapa | gusti kala ing kina | Sri Galuh ikang darbèni | alah ta bawa | sakèhing [[f. 45r]] desa sami ||
08.007 sapangilèn têlukna kon seba mringwang | watêsana Cipalih | nulya ikang raka | prapta Sang Raja Bangah | anusul sampun apanggih | Ki Suruh suka | nulya kinèn tut wiking ||
44–45 dari 206

 


Lebih satu suku kata: wus mangkana Ki Sêsuruh kèn kari. (kembali)
mulat (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.34.5). (kembali)
gumantung. (kembali)
têtăngga (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 8.2.2). (kembali)
myarsi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 8.2.2). (kembali)
mangkya (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 8.5.1). (kembali)