Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
7 dari 42
41–42 dari 206
409–418 dari 2.057
| 07.004 | ya iku kang pacikraman[1] | nata dèwi kang marentah rat Jawi | sakathahe ing lêlêmbut | sadaya angawula | cinarita [[f. 42r]: ci...narita] mula-mulane karuwun | istu manusya kajiman | barang kang cinipta dadi || |
| 07.005 | ratu sakti mahabara | prabu rara warna lir widadari | warnane salin ping pitu | bisa nom bisa tuwa | mancala putra mancali putri pujul | pa lire kadya punika | bisa lanang bisa èstri || |
| 07.006 | yèn kinawi lan cinadra | luwih rupa kurang codra kang kawi | kurang malih luwih iku | kasaktèn pujul wigya | cinarita kagegeran wadyanipun | yèn ana satiya[2] tapa | wus uninga raja dèwi || |
| 07.007 | mangkana ciptaning nala | sun gudhane[3] kusuma kang lagi brangti |[4] dimone tapane wurung | raja dèwi tumêdhak | kunêng ikang nèng guwa kang lagya junun | matitis ing granasika | nora nana kang kaèksi || |
| 07.008 | tapanira mèh têlasan | kurang pitung dina lan pitung bênging[5] | wayahipun têngah dalu | akathah kang katingal | agêgila mêdosi myang amrih lampus | nanging Ki Suruh tan obah | anulya na kaki kaki || |
| 07.009 | amarani Ki Sêsadhah[6] | pangucape lah pirsakêna kaki | istu tapanira iku | tinarima Pangeran | tutugêna eman kari pitung dalu | ewa mêngkana luwara | wus katarima Yyang Widi || |
| 07.010 | nanging ta kari satugal | beka agêng sira tan klar nadhahi | ya iku ikang ananggung | kang nyampurnakên[7] sira | dadi [[f. 42v]: da...di] kanthi ing saturunira besuk | wis kakaki[8] sira karia |[9] Ki Suruh mituhu ngati || |
| 07.011 | sagupita wontên padhang | jroning guwa kadi padhanging sasi | kagyat Ki Jaka Sêsuruh | anulya katingalan | ana prapta wanodya ayu pinujul | rat jagat tan ana sama | lakunira èsmu brangti || |
| 07.012 | gandrung-gandrung ngudang brăngta | kasêmêkan kinudhungakên sapalih |[10] sang dyah sarwi arawat luh | amala-mala jaja | têka dhepok saryya lulur-lulur suku | angudang kung brangtasmara | sapolahe dudut ati || |
| 07.013 | Jaka Sêsuruh tumingal | kalangkung dening awas kang lagi brangti |[11] pinirsa sêsambatipun | katuwone wak iwang | tilar yayah rena norana sun etung | anging kang katon supêna | ikang asung lara brangti || |
41–42 dari 206
| 1 | pacangkraman (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.4.1). (kembali) |
| 2 | satriya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.6.6). (kembali) |
| 3 | godhane (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.7.2). (kembali) |
| 4 | Lebih satu suku kata: sun godha kusuma kang lagi brangti. (kembali) |
| 5 | bêngi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.8.2). (kembali) |
| 6 | Sasêdhah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.9.1). (kembali) |
| 7 | nyampurnakkên. (kembali) |
| 8 | kaki (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.10.6). (kembali) |
| 9 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wis kaki sira karia (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.10.6). (kembali) |
| 10 | Lebih satu suku kata: kasêmêkan kinudhungkên sapalih. (kembali) |
| 11 | Lebih satu suku kata: langkung dening awas kang lagi brangti. (kembali) |