Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7 dari 42
41–42 dari 206
410–419 dari 2.057
07.005 ratu sakti mahabara | prabu rara warna lir widadari | warnane salin ping pitu | bisa nom bisa tuwa | mancala putra mancali putri pujul | pa lire kadya punika | bisa lanang bisa èstri ||
07.006 yèn kinawi lan cinadra | luwih rupa kurang codra kang kawi | kurang malih luwih iku | kasaktèn pujul wigya | cinarita kagegeran wadyanipun | yèn ana satiya[1] tapa | wus uninga raja dèwi ||
07.007 mangkana ciptaning nala | sun gudhane[2] kusuma kang lagi brangti |[3] dimone tapane wurung | raja dèwi tumêdhak | kunêng ikang nèng guwa kang lagya junun | matitis ing granasika | nora nana kang kaèksi ||
07.008 tapanira mèh têlasan | kurang pitung dina lan pitung bênging[4] | wayahipun têngah dalu | akathah kang katingal | agêgila mêdosi myang amrih lampus | nanging Ki Suruh tan obah | anulya na kaki kaki ||
07.009 amarani Ki Sêsadhah[5] | pangucape lah pirsakêna kaki | istu tapanira iku | tinarima Pangeran | tutugêna eman kari pitung dalu | ewa mêngkana luwara | wus katarima Yyang Widi ||
07.010 nanging ta kari satugal | beka agêng sira tan klar nadhahi | ya iku ikang ananggung | kang nyampurnakên[6] sira | dadi [[f. 42v]: da...di] kanthi ing saturunira besuk | wis kakaki[7] sira karia |[8] Ki Suruh mituhu ngati ||
07.011 sagupita wontên padhang | jroning guwa kadi padhanging sasi | kagyat Ki Jaka Sêsuruh | anulya katingalan | ana prapta wanodya ayu pinujul | rat jagat tan ana sama | lakunira èsmu brangti ||
07.012 gandrung-gandrung ngudang brăngta | kasêmêkan kinudhungakên sapalih |[9] sang dyah sarwi arawat luh | amala-mala jaja | têka dhepok saryya lulur-lulur suku | angudang kung brangtasmara | sapolahe dudut ati ||
07.013 Jaka Sêsuruh tumingal | kalangkung dening awas kang lagi brangti |[10] pinirsa sêsambatipun | katuwone wak iwang | tilar yayah rena norana sun etung | anging kang katon supêna | ikang asung lara brangti ||
07.014 sun ulati jajah desa | milang kari sun ulati tan kpanggih | kang nama Jaka Sêsuruh | wruh nama tan wruh rupa | kalud dane[11] adhuh sidiparag ngantu | aja katon ing supêna | tuwas kapiran wak mami ||
41–42 dari 206

 


satriya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.6.6). (kembali)
godhane (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.7.2). (kembali)
Lebih satu suku kata: sun godha kusuma kang lagi brangti. (kembali)
bêngi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.8.2). (kembali)
Sasêdhah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.9.1). (kembali)
nyampurnakkên. (kembali)
kaki (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.10.6). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: wis kaki sira karia (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.10.6). (kembali)
Lebih satu suku kata: kasêmêkan kinudhungkên sapalih. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: langkung dening awas kang lagi brangti. (kembali)
11 dene. Bandingkan: dening (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 7.14.5). (kembali)