Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9 dari 42
48–49 dari 206
473–482 dari 2.057
09.012 sayah arsa nginum warih | kagyat andulu wanodya | parawan ayu rupane | ki satriya wus kagiwang | ni parawan pinaranan |[1] tan wruh katukul mêmasuh | nulya cinêkêl kang asta ||
09.013 kagyat Ni Rara Turunsih | tan tate dulu jalma lyan | ajrih gumêtêr awake | ni rara tan bisa ngucap | angrasa lamun pêjah | ki satriya aris muwus | nini ja kadukan tapa[2] ||
09.014 sun arsa têtanya nini | ya ing ngêndi wismanira | sapa aranira mangke | a[3] sira tanpa bapa |[4] miwah tan darbe kadang | dening dhawak ingsun dulu | ya sira kêna sêkala[5] ||
09.015 dènnya nauri aririh | gumêtêr saking jrihira | Gunung Kawi wismaningong | si rama wirya atapa | kadang ingong satugal | gagah prakosa gul anung | uculna manawa wikan ||
09.016 amasthi sira bilai | isun tan awèh ucula | yèn tan karuwan ujare | iku ujar kayaparan | [...] | walèh apa ariningsun | sun wulangun anêng[6] sira ||[7]
09.017 yèn tan arsa sun patèni | ni rara angrasa pêjah | kiyai aja mêngkono | pinotha sun palur[8] pêjah | kapriye polah iwang | eman têmên wong abagus | marugul[9] polahe ala ||
09.018 anulya dipun ecani | amrih ucula kewala | yèn sira arsa maring ngong | pan ana wong tuwaniwang | lan sadulur [[f. 47v]] ngong lanang | têmbungên mring wismanisun | ki satriya nora arsa ||
09.019 kewuhan gêtun ing ati | de weya datanpa rowang | uculêna awak iwang |[10] isun warah si rama |[11] [...] | sakêdhap sun nuli wangsul | i kene sira ngantia ||[12]
09.020 apa têmên jarirèki | iya têmên atènana[13] | iya ja cidra ujare | wis nguculakên ni rara | dènnya masuh tinilar | ikang rama bu wus wêru[14] | putranira kênèng beka ||
09.021 Bandung arinira lami | mring bèji norana prapta | esuk kanti bêdhug mangke | egal Bandung anusula | Ki Bandung sigra-sigra | nulya arine kapêthuk | tawan tangis ngrakul raka ||
48–49 dari 206

 


Lebih satu suku kata: ni prawan pinaranan. (kembali)
tămpa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.13.7). (kembali)
apa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.14.4). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: apa sira tanpa bapa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.14.4). (kembali)
sêngkala (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.14.7). (kembali)
onêng (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.16.7). (kembali)
Kurang satu gatra: gatra ke-5 (7a). Bandingkan: ki satriya ris ngucap (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.16.5). (kembali)
plaur (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.17.4). (kembali)
marunggul (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.17.7). (kembali)
10 Biasanya guru lagu e/o. Bandingkan: ingo [ingong] (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.19.3). (kembali)
11 Kurang satu suku kata. Bandingkan: ingsun warahe si rama (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.19.4). (kembali)
12 Kurang satu gatra: gatra ke-5 (7a). Bandingkan: miwah ibu lan kadang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.19.5). (kembali)
13 antènana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.20.2). (kembali)
14 wêruh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.20.6). (kembali)