Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9 dari 42
48–49 dari 206
476–485 dari 2.057
09.015 dènnya nauri aririh | gumêtêr saking jrihira | Gunung Kawi wismaningong | si rama wirya atapa | kadang ingong satugal | gagah prakosa gul anung | uculna manawa wikan ||
09.016 amasthi sira bilai | isun tan awèh ucula | yèn tan karuwan ujare | iku ujar kayaparan | [...] | walèh apa ariningsun | sun wulangun anêng[1] sira ||[2]
09.017 yèn tan arsa sun patèni | ni rara angrasa pêjah | kiyai aja mêngkono | pinotha sun palur[3] pêjah | kapriye polah iwang | eman têmên wong abagus | marugul[4] polahe ala ||
09.018 anulya dipun ecani | amrih ucula kewala | yèn sira arsa maring ngong | pan ana wong tuwaniwang | lan sadulur [[f. 47v]] ngong lanang | têmbungên mring wismanisun | ki satriya nora arsa ||
09.019 kewuhan gêtun ing ati | de weya datanpa rowang | uculêna awak iwang |[5] isun warah si rama |[6] [...] | sakêdhap sun nuli wangsul | i kene sira ngantia ||[7]
09.020 apa têmên jarirèki | iya têmên atènana[8] | iya ja cidra ujare | wis nguculakên ni rara | dènnya masuh tinilar | ikang rama bu wus wêru[9] | putranira kênèng beka ||
09.021 Bandung arinira lami | mring bèji norana prapta | esuk kanti bêdhug mangke | egal Bandung anusula | Ki Bandung sigra-sigra | nulya arine kapêthuk | tawan tangis ngrakul raka ||
09.022 iku tartantune malih | ila-ila jar wong kuna | tan ilok ujar wong mangke | parawan maring patirtan | ja sêpi bakta rencang | parawan kèh bekanipun | wus tinutur purwanira ||
09.023 Ki Bandung sangêt aruntik | apa rupanèku baya | amajanani kadange | wis yayi bajur[10] muliha | isun abanjur arsa | amarani wong kang pugung | Ki Bandung age panggiha ||
09.024 sarêng samya aningalih[11] | ki satriya narik karga | wus angrasa ing dosane | Ki Bandung nging karo tangan | suka ingsun ruwata | tinarajang dipun suduk | wali-wali nora pasah ||
48–49 dari 206

 


onêng (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.16.7). (kembali)
Kurang satu gatra: gatra ke-5 (7a). Bandingkan: ki satriya ris ngucap (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.16.5). (kembali)
plaur (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.17.4). (kembali)
marunggul (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.17.7). (kembali)
Biasanya guru lagu e/o. Bandingkan: ingo [ingong] (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.19.3). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: ingsun warahe si rama (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.19.4). (kembali)
Kurang satu gatra: gatra ke-5 (7a). Bandingkan: miwah ibu lan kadang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.19.5). (kembali)
antènana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.20.2). (kembali)
wêruh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.20.6). (kembali)
10 banjur (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.23.4). (kembali)
11 aningali (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.24.1). (kembali)