Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9 dari 42
49–50 dari 206
483–492 dari 2.057
09.022 iku tartantune malih | ila-ila jar wong kuna | tan ilok ujar wong mangke | parawan maring patirtan | ja sêpi bakta rencang | parawan kèh bekanipun | wus tinutur purwanira ||
09.023 Ki Bandung sangêt aruntik | apa rupanèku baya | amajanani kadange | wis yayi bajur[1] muliha | isun abanjur arsa | amarani wong kang pugung | Ki Bandung age panggiha ||
09.024 sarêng samya aningalih[2] | ki satriya narik karga | wus angrasa ing dosane | Ki Bandung nging karo tangan | suka ingsun ruwata | tinarajang dipun suduk | wali-wali nora pasah ||
09.025 angur watu kêna grigrik | ki satriya dipun candhak | tan ubah kêna baune | wus rinipus[3] dipun bakta | katur ing ramanira | ki ajar [[f. 48r]: a...jar] mapan wus wêruh | satikah[4] polahanira ||
09.026 ingapura sira nuli | pinagihakên lan putra | ki ajar wruh yèn jodhone | tutug dènnya palakrama | nulya kinèn têtapa | rabinira atut pukur | dhêdhêkah wontên Sijaya ||
09.027 warnanên Bandung kang kari | ritên dalu abêbana | anangis dhatêng ramane | dèn ruwata ikang papa | citraka Bandung tansah | nutumkên[5] badhiyangipun | winuruk kang aji darma ||
09.028 kang rama awlas ningali | ikang putra tinibalan | pangandikane ramane | anak ingsun Bandung sira | rêp ruwat warnanira | gampang angèl putranisun | gampange yèn anut sira ||
09.029 sawêwêkas isun kaki | masthi ruwat tur awirya | yèn nalipang[6] ujar ingong | wêwah duraka tur papa | kapriye putraniwang | sandika ture Ki Bandung | hèh kaki ingsun atêdah ||
09.030 rêp ruwat warnanirèki | kaki sira ngawulaa | mring Majapait Sang Katong | besuk sira alèh karya | tur ruwat warnanira | tinariman putri ayu | sida tămpa wurung tămpa ||
09.031 poma kaki wêkas mami | putri iku luwih panas | mung sira kang kêlar mangke | wus tinutur purwanira | kaki ing benjang sira | lan putri salamêt têmu | yèn sira rêp tutug wirya ||
49–50 dari 206

 


banjur (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.23.4). (kembali)
aningali (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.24.1). (kembali)
riniwus (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.25.4). (kembali)
satingkah (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.25.7). (kembali)
nuntumkên. (kembali)
nalimpang. Bandingkan: nyalimpang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.29.3). (kembali)