Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9 dari 42
49–50 dari 206
490–499 dari 2.057
09.029 sawêwêkas isun kaki | masthi ruwat tur awirya | yèn nalipang[1] ujar ingong | wêwah duraka tur papa | kapriye putraniwang | sandika ture Ki Bandung | hèh kaki ingsun atêdah ||
09.030 rêp ruwat warnanirèki | kaki sira ngawulaa | mring Majapait Sang Katong | besuk sira alèh karya | tur ruwat warnanira | tinariman putri ayu | sida tămpa wurung tămpa ||
09.031 poma kaki wêkas mami | putri iku luwih panas | mung sira kang kêlar mangke | wus tinutur purwanira | kaki ing benjang sira | lan putri salamêt têmu | yèn sira rêp tutug wirya ||
09.032 ing dalêm sawêngi kaki | ja turu ja nugal nedra | kilêmana ing dagane | ing dalêm sawêngi bapa | anaa paran-paran | aja obah [[f. 48v]: o...bah] wêkas ingsun | kabèh-kabèh iku beka ||
09.033 yèn sira kêlar sawêngi | masthi tutuk kaki sira | yèn tan kêlar papa mangke | wis kaki sira mitara | dèn emut wêkas iwang | Ki Bandung nulya asujud | amit dhumatêng ing rama ||
09.034 tan kawarna kang lumaris | wus prapta ing Majalêngka | Ki Bandung jinujug mangke | Ki Apatih Gajahmada | arsa ngawulèng nata | katarima aturipun | ginadhuhkên Gajahmada ||
09.035 ya ta miyos sri bupati | pêpak adining[2] amaca[3] | pra mantri prajurit kabèh | Gajahmada anèng ngarsa | ngandika Brawijaya | Gajahmada sapa sanggup | mring nagara Pajajaran ||
09.036 padha sadina sing ngriki | sapa ta ikang sanggupa | datan ketang tambuh wonge | cukit adulit akubah[4] | sarakah cêcekelan | longan bale yèn asanggup | arabia putriniwang ||
09.037 layyan sasigar nagari | lawan sun paring wêwênang | jumênênga prabu anom | umaha saloring pasar | nabuh barang sinonga | sadaya norana sanggup | sakèh mantri Majalêngka ||
09.038 samya atur pati urip | sirêp norana turira | Ki Bandung anèng wurine | Gajahmada jawil sira | sanggup anglampahana | nulya Gajahmada matur | punika wontên sanggupa ||
49–50 dari 206

 


nalimpang. Bandingkan: nyalimpang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.29.3). (kembali)
abdining (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.35.2). (kembali)
amănca (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.35.2). (kembali)
akumbah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.36.4). (kembali)