Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9 dari 42
50–51 dari 206
498–507 dari 2.057
09.037 layyan sasigar nagari | lawan sun paring wêwênang | jumênênga prabu anom | umaha saloring pasar | nabuh barang sinonga | sadaya norana sanggup | sakèh mantri Majalêngka ||
09.038 samya atur pati urip | sirêp norana turira | Ki Bandung anèng wurine | Gajahmada jawil sira | sanggup anglampahana | nulya Gajahmada matur | punika wontên sanggupa ||
09.039 têtiyang kang magang wingi | gih pun Bandung aranira | lah dèn mara ngarsa kene | apa [[f. 49r]] si kang sanggupa |[1] maring ing Pajajaran | padha sadina turipun | igih yèn wontên tibalan ||
09.040 sampun siyang nadyan latri | kawula darmi lumampah | iya lumakua age | sebaa maring yayi mas | ingsun sira pudhutna | wêwinèh mring yayi prabu | anuwun nêmbah wus mêsat ||
09.041 lampahe mêdal pasisir | êlèr Pajajaran prapta | lagya tinangkil sang rajèng | miwah ikang sinewaka | kagyat na duta prapta | katur tinibalan rawuh | umatur Bandung anêmbah ||
09.042 kawula ngutus raka Ji | Brawijaya Majalêngka | kinèn amudhut wêwinèh | ya matura kakang nata | wis êntèk kurang gancang | iki mung kari sabubung[2] | lah ênya sira gawaa ||
09.043 Ki Bandung sampun atampi | punapa isining manah | bilih manawi tinakèn | hèh duta ja salah karya | si kakang wus uninga | têka turna dèn agupuh | manawa sêlak luwaran ||
09.044 Ki Bandung mêsat sing ngarsi | mêdal kidul sigra-sigra | mêdal pasisir lampahe | samarga asangu was-was | manawa tinakenan | ayun binuka kang bubung | apa ta isine baya ||
09.045 tutup bubung dèn ulapi | dyan sakutu walang taga | mapan mêdal sarêng brole | gancang nulya tinutupan | gêgêtun manahira | iki wong lirwa ing wuwus | bubung jinujung pan anthang[3] ||
09.046 wana ika dèn wastani | ing Barabol aranira | karsane matur tiwase | Ki Bandung sampun lumampah [[f. 49v]] | maksih manah tan eca | bilih-bilih têlas sining bubung |[4] nulya tutupe binuka ||
50–51 dari 206

 


1 Kurang satu suku kata. Bandingkan: apa sira kang sanggupa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.39.4). (kembali)
2 sabumbung (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.42.6). (kembali)
3 ènthèng (dan di tempat lain). (kembali)
4 Lebih dua suku kata. Bandingkan: bilih têlas sining bumbung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.46.6). (kembali)