Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
9 dari 42
51–52 dari 206
502–511 dari 2.057
| 09.041 | lampahe mêdal pasisir | êlèr Pajajaran prapta | lagya tinangkil sang rajèng | miwah ikang sinewaka | kagyat na duta prapta | katur tinibalan rawuh | umatur Bandung anêmbah || |
| 09.042 | kawula ngutus raka Ji | Brawijaya Majalêngka | kinèn amudhut wêwinèh | ya matura kakang nata | wis êntèk kurang gancang | iki mung kari sabubung[1] | lah ênya sira gawaa || |
| 09.043 | Ki Bandung sampun atampi | punapa isining manah | bilih manawi tinakèn | hèh duta ja salah karya | si kakang wus uninga | têka turna dèn agupuh | manawa sêlak luwaran || |
| 09.044 | Ki Bandung mêsat sing ngarsi | mêdal kidul sigra-sigra | mêdal pasisir lampahe | samarga asangu was-was | manawa tinakenan | ayun binuka kang bubung | apa ta isine baya || |
| 09.045 | tutup bubung dèn ulapi | dyan sakutu walang taga | mapan mêdal sarêng brole | gancang nulya tinutupan | gêgêtun manahira | iki wong lirwa ing wuwus | bubung jinujung pan anthang[2] || |
| 09.046 | wana ika dèn wastani | ing Barabol aranira | karsane matur tiwase | Ki Bandung sampun lumampah [[f. 49v]] | maksih manah tan eca | bilih-bilih têlas sining bubung |[3] nulya tutupe binuka || |
| 09.047 | sawarni buron pan mijil | sarêng saisining wana | gancang tinutupan age | nyananisun ta wis têlas | iki luwih akathah | jinujung anthang kang bubung | iki baya têlas pisan || |
| 09.048 | lan kumênthung syaranèki | sun bakta kinarya tăndha | aja pinaido ture | kinarya têkên lumampah | tutupira binucal | kalêsyan raryyan Ki Bandung | bubung winalik tinutak[4] || |
| 09.049 | kagyat sarêng mêdal malih | sakutuning walang taga | sakalangkung dening kèhe | lajêng tinitingkên[5] pisan | iki baya wus têlas | kênthang-kênthang punang bubung | kinarya têkên lumampah || |
| 09.050 | mèh dukap prapta nêgari | mangkana ciptaning driya | mirang bakta bubung bae | angur si ingong buwanga | mapan yaktine ana | nulya pinêcah kang bubung | kagyat glar samya lumayya || |
51–52 dari 206
| 1 | sabumbung (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.42.6). (kembali) |
| 2 | ènthèng (dan di tempat lain). (kembali) |
| 3 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: bilih têlas sining bumbung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.46.6). (kembali) |
| 4 | tinuntak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.48.7). (kembali) |
| 5 | tinintingkên. (kembali) |