Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9 dari 42
51–52 dari 206
505–514 dari 2.057
09.044 Ki Bandung mêsat sing ngarsi | mêdal kidul sigra-sigra | mêdal pasisir lampahe | samarga asangu was-was | manawa tinakenan | ayun binuka kang bubung | apa ta isine baya ||
09.045 tutup bubung dèn ulapi | dyan sakutu walang taga | mapan mêdal sarêng brole | gancang nulya tinutupan | gêgêtun manahira | iki wong lirwa ing wuwus | bubung jinujung pan anthang[1] ||
09.046 wana ika dèn wastani | ing Barabol aranira | karsane matur tiwase | Ki Bandung sampun lumampah [[f. 49v]] | maksih manah tan eca | bilih-bilih têlas sining bubung |[2] nulya tutupe binuka ||
09.047 sawarni buron pan mijil | sarêng saisining wana | gancang tinutupan age | nyananisun ta wis têlas | iki luwih akathah | jinujung anthang kang bubung | iki baya têlas pisan ||
09.048 lan kumênthung syaranèki | sun bakta kinarya tăndha | aja pinaido ture | kinarya têkên lumampah | tutupira binucal | kalêsyan raryyan Ki Bandung | bubung winalik tinutak[3] ||
09.049 kagyat sarêng mêdal malih | sakutuning walang taga | sakalangkung dening kèhe | lajêng tinitingkên[4] pisan | iki baya wus têlas | kênthang-kênthang punang bubung | kinarya têkên lumampah ||
09.050 mèh dukap prapta nêgari | mangkana ciptaning driya | mirang bakta bubung bae | angur si ingong buwanga | mapan yaktine ana | nulya pinêcah kang bubung | kagyat glar samya lumayya ||
09.051 saisi-isi wanadri | lakung dening maksih kathah | Ki Bandung gêtun manahe | iki ingsun karya tăndha | sêdhêng yèn cinakraman[5] | nora sayah wong lumaku | saking nagri Majalêngka ||
09.052 lampahan sapêcak rakit | lampahe Bandung wus prapta | maksih sineba sang katong | Ki Bandung sowan ing ngarsa | kagyat sakèh tumingal | dhuh alah ênjim[6] Ki Bandung | lampahe sakêdhap netra ||
09.053 baya ta bali ing margi | iba dohe [[f. 50r]: do...he] nuli prapta | pantês wong kinêthok dhase | angandika sri narendra | hèh Bandung sira prapta | alèh sira ingong utus | angsal sasat datan angsal ||
51–52 dari 206

 


1 ènthèng (dan di tempat lain). (kembali)
2 Lebih dua suku kata. Bandingkan: bilih têlas sining bumbung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.46.6). (kembali)
3 tinuntak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.48.7). (kembali)
4 tinintingkên. (kembali)
5 cinangkraman (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.51.5). (kembali)
6 êjim. (kembali)