Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9 dari 42
51–52 dari 206
508–517 dari 2.057
09.047 sawarni buron pan mijil | sarêng saisining wana | gancang tinutupan age | nyananisun ta wis têlas | iki luwih akathah | jinujung anthang kang bubung | iki baya têlas pisan ||
09.048 lan kumênthung syaranèki | sun bakta kinarya tăndha | aja pinaido ture | kinarya têkên lumampah | tutupira binucal | kalêsyan raryyan Ki Bandung | bubung winalik tinutak[1] ||
09.049 kagyat sarêng mêdal malih | sakutuning walang taga | sakalangkung dening kèhe | lajêng tinitingkên[2] pisan | iki baya wus têlas | kênthang-kênthang punang bubung | kinarya têkên lumampah ||
09.050 mèh dukap prapta nêgari | mangkana ciptaning driya | mirang bakta bubung bae | angur si ingong buwanga | mapan yaktine ana | nulya pinêcah kang bubung | kagyat glar samya lumayya ||
09.051 saisi-isi wanadri | lakung dening maksih kathah | Ki Bandung gêtun manahe | iki ingsun karya tăndha | sêdhêng yèn cinakraman[3] | nora sayah wong lumaku | saking nagri Majalêngka ||
09.052 lampahan sapêcak rakit | lampahe Bandung wus prapta | maksih sineba sang katong | Ki Bandung sowan ing ngarsa | kagyat sakèh tumingal | dhuh alah ênjim[4] Ki Bandung | lampahe sakêdhap netra ||
09.053 baya ta bali ing margi | iba dohe [[f. 50r]: do...he] nuli prapta | pantês wong kinêthok dhase | angandika sri narendra | hèh Bandung sira prapta | alèh sira ingong utus | angsal sasat datan angsal ||
09.054 kapriye jarwaa igih | dhatêng kula Pajajaran | lagya sineba ri katong | katur wêling lampah kula | têlas kang pangandika | kasèp nging binaktan bubung | kinèn ngaturkên paduka ||
09.055 isine tan dèn jarwani | ămba nusung tan winartan | saking awon ba kiknèngn[5] |[6] bok dinangu ayun wruha | katur purwa wasana | Brawijaya lakung bêndu | garoh[7] Bandung lakunira ||
09.056 kapacèlu rabi putri | ala têmên kaya sira | anulya karsa pinatèn | sumăngga nging nuwun priksa | kêdah dèn yantènana[8] | yèn tan wontên nyinanipun | sumăngga pêjah kawula ||
51–52 dari 206

 


tinuntak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.48.7). (kembali)
tinintingkên. (kembali)
cinangkraman (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.51.5). (kembali)
êjim. (kembali)
kinèngkèn (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.55.3). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: saking awon ba kinèngkèn (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.55.3). (kembali)
goroh (dan di tempat lain). (kembali)
yaktènana. Bandingkan: yêktènana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.56.5). (kembali)