Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9 dari 42
52–53 dari 206
513–522 dari 2.057
09.052 lampahan sapêcak rakit | lampahe Bandung wus prapta | maksih sineba sang katong | Ki Bandung sowan ing ngarsa | kagyat sakèh tumingal | dhuh alah ênjim[1] Ki Bandung | lampahe sakêdhap netra ||
09.053 baya ta bali ing margi | iba dohe [[f. 50r]: do...he] nuli prapta | pantês wong kinêthok dhase | angandika sri narendra | hèh Bandung sira prapta | alèh sira ingong utus | angsal sasat datan angsal ||
09.054 kapriye jarwaa igih | dhatêng kula Pajajaran | lagya sineba ri katong | katur wêling lampah kula | têlas kang pangandika | kasèp nging binaktan bubung | kinèn ngaturkên paduka ||
09.055 isine tan dèn jarwani | ămba nusung tan winartan | saking awon ba kiknèngn[2] |[3] bok dinangu ayun wruha | katur purwa wasana | Brawijaya lakung bêndu | garoh[4] Bandung lakunira ||
09.056 kapacèlu rabi putri | ala têmên kaya sira | anulya karsa pinatèn | sumăngga nging nuwun priksa | kêdah dèn yantènana[5] | yèn tan wontên nyinanipun | sumăngga pêjah kawula ||
09.057 anulya dipun yaktèni | yaktos tan garoh turira | suka katarima mangke | anulya nata cangkrama | nênupu[6] langkung suka | angandika sang aprabu | Bandung kapalang ing karsa ||
09.058 tan kuningan nini putri | miwah pramèsyariniwang | kabèh têkakêna kene | sarupane buron wana | têkaa ing nagara | nini putri ayun wêruh | iku pamudhute uga ||
09.059 yèn tan têkaa amasthi | wurung panggih sida pêjah | sandika Bandung ature | cinipta anulya prapta | kagyat sri naranata | de sarta parantènipun | urung-urung praptèng pura ||
09.060 kondur nata manjing puri | garwa putra wus binakta | mijil acangkrama mangke | kalangkung [[f. 50v]: kalang...kung] dening asuka | putra garwa sadaya | wus wanêh kondur ngadhatun | lajêng anari kang putra ||
09.061 asangêt sang dyah tan apti | Si Bandung tan jamak jalma | amis abacin abune[7] | kaya priye ocatana | nini sun wirang dewa | igih rama ji ba ayun | mring Bandung dipun karyakna ||
52–53 dari 206

 


1 êjim. (kembali)
2 kinèngkèn (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.55.3). (kembali)
3 Kurang satu suku kata. Bandingkan: saking awon ba kinèngkèn (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.55.3). (kembali)
4 goroh (dan di tempat lain). (kembali)
5 yaktènana. Bandingkan: yêktènana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.56.5). (kembali)
6 nênumpu (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
7 ambune (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.61.3). (kembali)