Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9 dari 42
52–53 dari 206
516–525 dari 2.057
09.055 isine tan dèn jarwani | ămba nusung tan winartan | saking awon ba kiknèngn[1] |[2] bok dinangu ayun wruha | katur purwa wasana | Brawijaya lakung bêndu | garoh[3] Bandung lakunira ||
09.056 kapacèlu rabi putri | ala têmên kaya sira | anulya karsa pinatèn | sumăngga nging nuwun priksa | kêdah dèn yantènana[4] | yèn tan wontên nyinanipun | sumăngga pêjah kawula ||
09.057 anulya dipun yaktèni | yaktos tan garoh turira | suka katarima mangke | anulya nata cangkrama | nênupu[5] langkung suka | angandika sang aprabu | Bandung kapalang ing karsa ||
09.058 tan kuningan nini putri | miwah pramèsyariniwang | kabèh têkakêna kene | sarupane buron wana | têkaa ing nagara | nini putri ayun wêruh | iku pamudhute uga ||
09.059 yèn tan têkaa amasthi | wurung panggih sida pêjah | sandika Bandung ature | cinipta anulya prapta | kagyat sri naranata | de sarta parantènipun | urung-urung praptèng pura ||
09.060 kondur nata manjing puri | garwa putra wus binakta | mijil acangkrama mangke | kalangkung [[f. 50v]: kalang...kung] dening asuka | putra garwa sadaya | wus wanêh kondur ngadhatun | lajêng anari kang putra ||
09.061 asangêt sang dyah tan apti | Si Bandung tan jamak jalma | amis abacin abune[6] | kaya priye ocatana | nini sun wirang dewa | igih rama ji ba ayun | mring Bandung dipun karyakna ||
09.062 sagaran kêmbar jro puri | siji kalangênan jaba | dipun asami warnane | miwah ta ikang pancuran | padusan dhawak-dhawak | măncawarn[7] karsa ulun |[8] rama ji ikang satugal ||
09.063 ibu sari[9] kang sawiji | sawiyos padusan aba | siji padusane dhewe | sawiyos ikang padusan | sakèh wong dalêm pura | ămba lumoh ngong prih wurung | dadosa sami sadina ||
09.064 sri bupati wus andugi | nulya Bandung dhiwuhan[10] |[11] tur sêmbah sêndika ture | Ki Bandung ngrasa ing nala | winratan jêjalukan | jarag ruwata wakipun | anulya nyipta wus dadya ||
52–53 dari 206

 


kinèngkèn (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.55.3). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: saking awon ba kinèngkèn (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.55.3). (kembali)
goroh (dan di tempat lain). (kembali)
yaktènana. Bandingkan: yêktènana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.56.5). (kembali)
nênumpu (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
ambune (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.61.3). (kembali)
măncawarna (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.62.6). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: măncawarna karsa ulun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.62.6). (kembali)
sori (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.63.1). (kembali)
10 dhinawuhan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.64.2). (kembali)
11 Kurang satu suku kata. Bandingkan: nulya Bandung dhinawuhan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.64.2). (kembali)