Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9–10 dari 42
53–54 dari 206
527–536 dari 2.057
09.066 anulya dèn cangkramani | garwa putra myang wong pura | ngabil[1] sêkar myang wowohane |[2] tanapi cangkrama ulam | nulya sami asiram | sluluban samya marau | wus wanuh samya luwaran ||
09.067 angandika sri bupati | nini sira lakonana | sun wirang ing dewa mangke | sapajalukmu[3] tinêkan | sang dyah [[f. 51r]] sangêt lênggana | katun sawiyos ngong jaluk | sri nata dèn karyakêna ||
10. Sinom
10.001 candhi sèwu dèn sampuna | dadine sarêng sawêngi | esuk anuli panggiha | nulya Bandung dèn dhawuhi | putêk rasaning ati | ngrasa sakit manahipun | dening kaliwat-liwat | ala ragane tinampik | ayun mudur tanggung angur si pêjaha ||
10.002 Bandung umatur sandika | nulya kesah sangu brangti | karsane mantuk aseba | ing rama anuwun idi | kinèn amêmanuki | ing sapolahe Ki Bandung | manawa tan katêkan | Ki Bandung kinèn matèni | kawarnaa Ki Bandung sowan ing rama ||
10.003 anangis nukêmi pada | ki ajar ngandika aris | pagene sira karuna | apajara mara mami | matur sapolahnèki | purwa wasana wus rapung[4] | ki ajar mèsêm ngucap | aja sira pajar kaki | isun wêruh sapolahira ngawula ||
10.004 abangêt dèn aniayya | wong lumuh arsa ngayoni | kaki têka lampahana | iki wêkasira urip | kari sapisan iki | bekanira putraningsun | jamake wong awiryya | tinubas[5] lara prihatin | wong agêdhe bêjane gêdhe bekanya ||
10.005 wus wayahe wong akrama | tinuku urip lan pati | nanging yèn apanggih sira | dèn emut wêkas ngong dhingin | sampun dèn bêbisiki | wis kaki dèn gupuh ngidul | manawa karainan | tur sêmbah kentar sira glis | prapta Gunung Marapi jumênêng pucak ||
10.006 sadhakêp [[f. 51v]: sadhakê...p] asuku tugal | babahan sanga mêpêti | alam sakawan jinajah | păncadriya dèn patèni | anulya nyipta êni[6] | pucuking grana kadulu | mangilèn adhêpira | tan atara udan prapti | saryya angin pancowura[7] gara-gara ||
10.007 kayu rêbah kaparapal | apuhan[8] agêng kang prapti | rug pracandha gêng limunan | apak[9] pêdhut awor riris | obah Ardi Marapi | kawah umob ting jalêgur | kang akêr samya obah | gumuruh syara dhêdhêmit | awurahan Barabudhur karya rêca ||
10.008 dinamêl awarna-warna | wayahipun têngah wêngi | ginêlak nèk karainan | kang candhi sèwu mèh dadi | ana kantune kêdhik | nulya Gajahmada nusul | kinèn de Brawijaya | abeka pinrih ja dadi | sampun prapta asiluman nyalong[10] lampah ||
53–54 dari 206

 


ngambil (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.66.3). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: ngambil sêkar wowohane (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.66.3). (kembali)
sapanjalukmu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 9.67.4). (kembali)
rampung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 10.3.6). (kembali)
tinumbas (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
êning (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 10.6.5). (kembali)
păncawura (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 10.6.9). (kembali)
ampuhan (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 10.7.2). (kembali)
apan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 10.7.4). (kembali)
10 nyolong. (kembali)