Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–2 dari 42
5–6 dari 206
45–54 dari 2.057
01.045 angkuhe kaya kang mutêr bumi | yogyaning dewa panggih lan iwang | yèn ta dudu-dudu wonge | măngsa kangsia têmu | ya warahên isun aturi | lan isun sayabara | yèn bêdhah kuthèngsun | aja lan dèn rodapaksa | upamane lir mina anèng jro warih | aja buthak kang toya ||
01.046 dèn wilanga lawang kutha iki | yèn kawilang kabaha[1] sadaya | wruha purwa wasanane | yèn majing kuthanisun | kunci mênga isun tan apti | dudu trahing atapa | manjinga kadhatun [[f. 13v]] | jlêg tanpa sangkan tan ngambah | lawang kutha iku ingsun nora apti | ya dudu trahing nata ||
01.047 yèn kalakon sapamudhut[2] mami | masthi isun ngawula mawongan | yaiku ratu ing kene | isun darma atugu[3] | nyata prapta kang mutêr bumi | yèn tan mêngko iya |[4] masthi iku lêbur | lan ingsun panggih ing bengjang[5] | lamun dalu amasthi kathah gêgêring | yèn rina larang pangan ||
01.048 yèn tan wruh isun tan yun pêpagih | wis mêtua egal aturana | dèn kalakon jar sun kabèh | sakèhe kang atugu | lawang kutha dèn ngati-ati | ana satriya wigya[6] | yèn tiwas sadarum | amasthi dadi boyongan | atur sêmbah nini rara sampun mijil | gula kentar ginantyan ||
2. Mijil
02.001 sampun mêdal ni rara lumaris | ngaturi sang anom | dhatêng taman asigra lampahe | Banjaransari kapagih ligih[7] | angura lêlungid | dènnya nganti dangu ||
02.002 sagupita nini rara prapti | umatur wotsinom | sampun katur sang nata wêlinge | gusti sampeyan dipun aturi | nging dèn ngati-ati | marga kèh pakewuh ||
02.003 yèn sisip nora amondhong putri | masthi sida nglamong | wurung tămpa sida tămpa mangke | gampang yèn lêrês kang margi |[8] sang aprabu èstri | pan darma atugu ||
02.004 iya pirabara awak mami | tinulung Yyang Manon | Bajaransari[9] aris lampah |[10] nini rara tan têbih nèng wiking | praptèng ing nêgari | Dyan Banjaransantun [[f. 14r]] ||
02.005 kagyat lênglêng rêmên aningali | Dyan Banjaransinom | aningali rakite kithane | sampun patut tanna dèn waoni | eman-emun iki | norana wongipun ||
02.006 iki patut dadia nagari | norana winaon | iya kari angêgoni[11] bae | Banjaransari ngadêg têpining | i samadyanèki | kang waringin kurung ||
5–6 dari 206

 


kambaha (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.46.2). (kembali)
sapamundhut (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.47.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 1.158.1). (kembali)
atunggu (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.47.4). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn tan mêngkono iya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.47.6; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 1.158.6). (kembali)
benjang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.47.8). (kembali)
wignya (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.48.6). (kembali)
linggih (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.1.4). (kembali)
Kurang dua suku kata. Bandingkan: gampang yèn kalêrêsan kang margi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.3.4). (kembali)
Banjaransari (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.4.3). (kembali)
10 Kurang satu suku kata dan biasanya guru lagu e. Bandingkan: Banjaransari aris lampahe (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.4.3). (kembali)
11 angênggoni (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.6.3). (kembali)