Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1–2 dari 42
5–6 dari 206
47–56 dari 2.057
| 01.047 | yèn kalakon sapamudhut[1] mami | masthi isun ngawula mawongan | yaiku ratu ing kene | isun darma atugu[2] | nyata prapta kang mutêr bumi | yèn tan mêngko iya |[3] masthi iku lêbur | lan ingsun panggih ing bengjang[4] | lamun dalu amasthi kathah gêgêring | yèn rina larang pangan || |
| 01.048 | yèn tan wruh isun tan yun pêpagih | wis mêtua egal aturana | dèn kalakon jar sun kabèh | sakèhe kang atugu | lawang kutha dèn ngati-ati | ana satriya wigya[5] | yèn tiwas sadarum | amasthi dadi boyongan | atur sêmbah nini rara sampun mijil | gula kentar ginantyan || |
| 2. Mijil | |
| 02.001 | sampun mêdal ni rara lumaris | ngaturi sang anom | dhatêng taman asigra lampahe | Banjaransari kapagih ligih[6] | angura lêlungid | dènnya nganti dangu || |
| 02.002 | sagupita nini rara prapti | umatur wotsinom | sampun katur sang nata wêlinge | gusti sampeyan dipun aturi | nging dèn ngati-ati | marga kèh pakewuh || |
| 02.003 | yèn sisip nora amondhong putri | masthi sida nglamong | wurung tămpa sida tămpa mangke | gampang yèn lêrês kang margi |[7] sang aprabu èstri | pan darma atugu || |
| 02.004 | iya pirabara awak mami | tinulung Yyang Manon | Bajaransari[8] aris lampah |[9] nini rara tan têbih nèng wiking | praptèng ing nêgari | Dyan Banjaransantun [[f. 14r]] || |
| 02.005 | kagyat lênglêng rêmên aningali | Dyan Banjaransinom | aningali rakite kithane | sampun patut tanna dèn waoni | eman-emun iki | norana wongipun || |
| 02.006 | iki patut dadia nagari | norana winaon | iya kari angêgoni[10] bae | Banjaransari ngadêg têpining | i samadyanèki | kang waringin kurung || |
| 02.007 | nini rara matur lah sawawi | manjinga kadhaton | Banjaransari nêdhèng dewane | kinupulakên[11] dados satugil[12] | babara ling-aling | sidakêp[13] sidêkung || |
| 02.008 | Sang Yyang Pramana dèn uningani | nora nana katon | wus matèni ing păncadriyane | babahan nawa dipun[14] pêpêti | norana kaèksi | tan dulu tan ngrungu || |
5–6 dari 206
| 1 | sapamundhut (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.47.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 1.158.1). (kembali) |
| 2 | atunggu (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.47.4). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn tan mêngkono iya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.47.6; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 1.158.6). (kembali) |
| 4 | benjang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.47.8). (kembali) |
| 5 | wignya (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.48.6). (kembali) |
| 6 | linggih (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.1.4). (kembali) |
| 7 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: gampang yèn kalêrêsan kang margi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.3.4). (kembali) |
| 8 | Banjaransari (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.4.3). (kembali) |
| 9 | Kurang satu suku kata dan biasanya guru lagu e. Bandingkan: Banjaransari aris lampahe (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.4.3). (kembali) |
| 10 | angênggoni (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.6.3). (kembali) |
| 11 | kinumpulakên (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.7.4). (kembali) |
| 12 | satunggil (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.7.4). (kembali) |
| 13 | sidhakêp (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.6.6). (kembali) |
| 14 | Terdapat dobel sandangan: dipun atau depun. (kembali) |