Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1 dari 42
1–2 dari 206
5–14 dari 2.057
| 01.005 | wus alama yya ing Gilingwêsi | duk samana udan salah măngsa | linud ing barat agêdhe | carat taun tumurun | lan grahana suryya lan sasi | kumukus punang lintang | rêngka ika gunung | padha lèngsèr alaradan | iya iku turuning dahana siti | dahat tutur kang awal || |
| 01.006 | Bathara Brama aputra èstri | kang anama kinèn akramaa | kang putra dening ramane | Yyang Trithustha puniku | Parikêna putranirèki | nulya putra Bagawan | Manumasèku |[1] Manumanasa aputra | pan Tundrêma anulya aputra Sakri | aputra Palasara || |
| 01.007 | nulya putra Biyasa puniki | nulya putra Pandhu Dewanata | ing Ngastina nagarane | ing Ngastina puniku | sajênênge Kurawa èsthi | nagaranipun rêngka | ing Mêdhang puniku | dadya jawah salah măngsa | sudama kèh kumukus darajat nagri | Pandhu putra Pandhawa || |
| 01.008 | Arjuna putra Bimanyu sigih | nulya putra Parikêsit rannya | putra Yudayana rane | Yudayana asunu | Gêndrayana putranirèki | nama Sang Jayabaya | kala jênêngipun | nênggih nagarane rêka[2] | kèh katingal jarajate nulya siwi | Aji Jayamijaya || |
| 01.009 | Jayamijaya putranirèki | Jayamisena nulya pêputra | Kusumawicitra rane | Sumacitra asunu | Citrasoma [[f. 10r]: Citra...soma] nulya asiwi | kang aran Păncadriya | anulya asunu | Anglindriya[3] nulya putra | ikang nama Raja Selacala uni | nagri Purwacarita || |
| 01.010 | ya ing Mêdhang Adongijo[4] iki | nênggih nulya nagarane rêka | ya ing Mêdhangkawit rane | ikang kapidho[5] iku | Sri Mapugung[6] pêpatihnèki | kang aran Jugulmudha | Sri Mapugung sunu | awasta Sri Kêndhiawan | pêpatihe awasta Kunthara luwih | sutane Jugulmudha || |
| 01.011 | Kêndhiawan lima putranèki | pabayune[7] Ki Panuwun rannya | among tani pakaryane | Sandhanggarba panggulu | pan adagang pakaryannèki | Karungkala panêngah | ngalas karyanipun | sumêndhi Pêtungmalarat | pakaryane adèrès putra waragil | Rêsi Kandhayu rannya || |
| 01.012 | wontên paseban karêmênnèki | putra lima jinênêngkên nata | Kêndhayu ratu tanine | ing sabês[8] măngsanipun | mapan nêgih[9] ngaturi pari | Ki Sandhanggarba dadya | ratu dagang iku | pan awisma ing Japara | Karungkala ratu tuwaburu sigih | wismane Sudharowang[10] || |
| 01.013 | iya Ratu Baka iku singgih | Pêtungmalarat ya dadya nata | ing wong karya jagal mangke | miwah wong kalang iku | angaturi pagêbêr uni | wong jagal pinudhutan[11] | sami atur-atur | mring Sang Sri Kandhayu ika | kang jumênêng ratu anèng Mêdhangwilis | agêntosi[12] kang rama || |
| 01.014 | Rêsi Kandhayu putra lima uni |[13] pabayune stri ayu warnanya | Ni Rara Suci wastane [[f. 10v]] | Ki Lêmbu Amiluhur | panggulune panêngahnèki | Lêmbu Mardadu rannya | sumêndhi ranipun | iya Ki Lêmbu Pangarang | warujune Lêmbu Amarjaya uni | kacarita sêmana || |
1–2 dari 206
| 1 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Manukmanasèku (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.6.7). (kembali) |
| 2 | rêngka (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.8.8). (kembali) |
| 3 | Anglingdriya. Bandingkan: Alindriya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.9.8). (kembali) |
| 4 | Andongijo (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.10.1). (kembali) |
| 5 | kapindho (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.10.4). (kembali) |
| 6 | Mapunggung (dan di tempat lain). (kembali) |
| 7 | pambayune (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 8 | sabên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.12.4). (kembali) |
| 9 | nênggih (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.12.5). (kembali) |
| 10 | Sundharowang (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.12.10). (kembali) |
| 11 | pinundhutan (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.13.6). (kembali) |
| 12 | anggêntosi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.13.10). (kembali) |
| 13 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Rêsi Kandhayu lima putrèki (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.14.1). (kembali) |