Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
2 dari 42
17–18 dari 206
163–172 dari 2.057
| 02.115 | sinambut sang dyah sarwi kêkawin | syara manis awor | sarta winayangakên grahane | kang kinudang ujare wong iki | sanggup parêng mati | ing asmaraningsun || |
| 02.116 | awacana sang dyah agitêli | sapa ling mêngkono | kabèh iku ta ujare dhewe | gumujêng Radyan Banjaransari | dhuh pangling pun dasih | dening bisa muwus || |
| 02.117 | sang dyah [[f. 21r]] matur kawula kaka ji | ngaturkên kadhaton | myang dalêm pura ing saisine | nanging panuwun kula kaka ji | ikang para dèwi | dèn wrata salulut || |
| 02.118 | anukêmi Dyan Banjaransari | tarima riningo[1] | i salulut ja walang driyane | binaktèng lêlangon dènnya ligih | ing gêgilang kuning | ngayap para arum || |
| 02.119 | sami kasmaran mulat ing gusti | padha trêsna ka[2] wong | nini rara ical têtugone | manjing pura wus sinung kêkasih | Ni Asmarawati | kang anèng lêlangun || |
| 02.120 | maharjaning paèse kang èstri | sarya tap sêsinom | sang dyah owêh pribadi sijange | mèsêm Prabu Galuh amaoni | pijunge sang dèwi | mugèng jajanipun || |
| 02.121 | punika ikang dipun waoni | sang dyah ya wandoh |[3] sang kakung cinadhak[4] jarijine | tinikêlakên sarwi anolih | ngadhuh sri bupati | Ni Asmara manggut || |
| 02.122 | tulus rahadèn jumênêng aji | tansah mukti turon | kadya mimi kalawan garwane | para arum sadaya waradin | samya mukti sari | kawanuhan lulut || |
| 02.123 | tansah kasukan siyang lan latri | lawan para sinom | kêna asmara pan lulut kabèh | radèn dèwi tuhu bakti laki | sri bupati lami | jumênêng ing Galuh || |
| 02.124 | nanging dèrèng korak ing nagari | kuthane tan katon | mukti sari nèng kadhaton bae | mila sang prabu sangêt prihatin [[f. 21v]: prihati...n] | dèrèng darbe mantri | ênêngna winuwus || |
17–18 dari 206
| 1 | riningong (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.118.2). (kembali) |
| 2 | kang (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.119.2). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sa [sang] dyah saya wanoh (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.119.2). (kembali) |
| 4 | cinandhak (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.121.3). (kembali) |