Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 42
17–18 dari 206
164–173 dari 2.057
02.116 awacana sang dyah agitêli | sapa ling mêngkono | kabèh iku ta ujare dhewe | gumujêng Radyan Banjaransari | dhuh pangling pun dasih | dening bisa muwus ||
02.117 sang dyah [[f. 21r]] matur kawula kaka ji | ngaturkên kadhaton | myang dalêm pura ing saisine | nanging panuwun kula kaka ji | ikang para dèwi | dèn wrata salulut ||
02.118 anukêmi Dyan Banjaransari | tarima riningo[1] | i salulut ja walang driyane | binaktèng lêlangon dènnya ligih | ing gêgilang kuning | ngayap para arum ||
02.119 sami kasmaran mulat ing gusti | padha trêsna ka[2] wong | nini rara ical têtugone | manjing pura wus sinung kêkasih | Ni Asmarawati | kang anèng lêlangun ||
02.120 maharjaning paèse kang èstri | sarya tap sêsinom | sang dyah owêh pribadi sijange | mèsêm Prabu Galuh amaoni | pijunge sang dèwi | mugèng jajanipun ||
02.121 punika ikang dipun waoni | sang dyah ya wandoh |[3] sang kakung cinadhak[4] jarijine | tinikêlakên sarwi anolih | ngadhuh sri bupati | Ni Asmara manggut ||
02.122 tulus rahadèn jumênêng aji | tansah mukti turon | kadya mimi kalawan garwane | para arum sadaya waradin | samya mukti sari | kawanuhan lulut ||
02.123 tansah kasukan siyang lan latri | lawan para sinom | kêna asmara pan lulut kabèh | radèn dèwi tuhu bakti laki | sri bupati lami | jumênêng ing Galuh ||
02.124 nanging dèrèng korak ing nagari | kuthane tan katon | mukti sari nèng kadhaton bae | mila sang prabu sangêt prihatin [[f. 21v]: prihati...n] | dèrèng darbe mantri | ênêngna winuwus ||
02.125 kang nèng jro guwa wus alami |[5] atapa punang wong | anak putune ngulari kabèh | Ki Satomi wus dèn nyana mati | kesahe lami |[6] kasmaran ing ratu ||
17–18 dari 206

 


riningong (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.118.2). (kembali)
kang (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.119.2). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: sa [sang] dyah saya wanoh (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.119.2). (kembali)
cinandhak (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.121.3). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang nèng jro guwa sampun alami (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.123.1). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: kesahe wus lami (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.123.5). (kembali)