Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 42
16–17 dari 206
160–169 dari 2.057
02.112 êmbanira nèng jawining samir | atur toya bakor[1] | liniling-liling sang dya pakone | wênêsira dewa pulang rêsmi | tan angling dyan dèwi | anglêgak[2] ing bau ||
02.113 Banjaransari mulat ing rabi | ênting wlase tumon | kamanisên mulat ing janggane | anukêmi amisik-misiki | kepyan radèn dèwi | angêsah angadhuh ||
02.114 Banjaransari lagya mijungi | rabine ing pakon | sarya maoni sang dyah gêlunge | arsa sira dewa sun sirami | tur sarwi liningling | magut sang dewa yu ||
02.115 sinambut sang dyah sarwi kêkawin | syara manis awor | sarta winayangakên grahane | kang kinudang ujare wong iki | sanggup parêng mati | ing asmaraningsun ||
02.116 awacana sang dyah agitêli | sapa ling mêngkono | kabèh iku ta ujare dhewe | gumujêng Radyan Banjaransari | dhuh pangling pun dasih | dening bisa muwus ||
02.117 sang dyah [[f. 21r]] matur kawula kaka ji | ngaturkên kadhaton | myang dalêm pura ing saisine | nanging panuwun kula kaka ji | ikang para dèwi | dèn wrata salulut ||
02.118 anukêmi Dyan Banjaransari | tarima riningo[3] | i salulut ja walang driyane | binaktèng lêlangon dènnya ligih | ing gêgilang kuning | ngayap para arum ||
02.119 sami kasmaran mulat ing gusti | padha trêsna ka[4] wong | nini rara ical têtugone | manjing pura wus sinung kêkasih | Ni Asmarawati | kang anèng lêlangun ||
02.120 maharjaning paèse kang èstri | sarya tap sêsinom | sang dyah owêh pribadi sijange | mèsêm Prabu Galuh amaoni | pijunge sang dèwi | mugèng jajanipun ||
02.121 punika ikang dipun waoni | sang dyah ya wandoh |[5] sang kakung cinadhak[6] jarijine | tinikêlakên sarwi anolih | ngadhuh sri bupati | Ni Asmara manggut ||
16–17 dari 206

 


bokor (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.112.2). (kembali)
anglênggak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.112.6). (kembali)
riningong (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.118.2). (kembali)
kang (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.119.2). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: sa [sang] dyah saya wanoh (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.119.2). (kembali)
cinandhak (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.121.3). (kembali)