Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2–3 dari 42
17–18 dari 206
168–177 dari 2.057
02.120 maharjaning paèse kang èstri | sarya tap sêsinom | sang dyah owêh pribadi sijange | mèsêm Prabu Galuh amaoni | pijunge sang dèwi | mugèng jajanipun ||
02.121 punika ikang dipun waoni | sang dyah ya wandoh |[1] sang kakung cinadhak[2] jarijine | tinikêlakên sarwi anolih | ngadhuh sri bupati | Ni Asmara manggut ||
02.122 tulus rahadèn jumênêng aji | tansah mukti turon | kadya mimi kalawan garwane | para arum sadaya waradin | samya mukti sari | kawanuhan lulut ||
02.123 tansah kasukan siyang lan latri | lawan para sinom | kêna asmara pan lulut kabèh | radèn dèwi tuhu bakti laki | sri bupati lami | jumênêng ing Galuh ||
02.124 nanging dèrèng korak ing nagari | kuthane tan katon | mukti sari nèng kadhaton bae | mila sang prabu sangêt prihatin [[f. 21v]: prihati...n] | dèrèng darbe mantri | ênêngna winuwus ||
02.125 kang nèng jro guwa wus alami |[3] atapa punang wong | anak putune ngulari kabèh | Ki Satomi wus dèn nyana mati | kesahe lami |[4] kasmaran ing ratu ||
3. Asmaradana
03.001 kunêng ta Kyai Satomi | Nyai Satompi[5] nèng guwa | amujar nadha[6] dewane | sakalangkung manting raga | mita[7] karaton Jawa | wontêna têtidhihipun[8] | ayya jongjit kang buwana ||
03.002 tinarima dewa luwih | ya ta na syara kapirsa | hèh Satomi dipun age | kentara balia ngilyan | ing kono ana nata | manjinga alas ing Galuh | ing kono na nata wignya ||
03.003 kèringan rat tanah Jawi | tur asakti mahabara | angadêg karsane dhewe | abodhan[9] jlêg tanpa sangkan | ratu abêk sudarma | trus kusuma rêmbês madu | iya Galuh kuthanira ||
03.004 mêngko wus jumênêng aji | nanging durung madêg nata | nganti wadya panjujunge | nanging nora nana wikan | benjang wruh têmu dadya | sapa angarani ratu | yèn nura pamuji wadya ||
17–18 dari 206

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: sa [sang] dyah saya wanoh (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.119.2). (kembali)
cinandhak (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.121.3). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang nèng jro guwa sampun alami (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.123.1). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: kesahe wus lami (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.123.5). (kembali)
Satomi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.1.2). (kembali)
nêdha (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.1.3). (kembali)
minta (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.1.5). (kembali)
têtindhihipun (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.1.6). (kembali)
ambondhan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.3.4). (kembali)