Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
2 dari 42
7–8 dari 206
70–79 dari 2.057
| 02.022 | ngêntèkkên tanaga angregoni | ngandika sang anom | aja kono sun arsa ing mangke | majing puri Ni Tigaron angli[1] | dening daya iki | yèn tan wruh ing wuwus || |
| 02.023 | wastanana kang sun tugu iki | tri têtêlu mangko | punang cebol agayu[2] lintange | iku yayi sang dyah anukêmi | adhuh ratu mami | kang sun ayun-ayun || |
| 02.024 | sampun lunga awismaa ngriki | dhuh tarima ringong | lah karia wus lajêng lampahe | sang dyah maksa mawongan tut wiking | prapta catur wijil | ingadhêg dyah arum || |
| 02.025 | kang awasta Nikèn Patrarêsmi | ginajèng sang anom | lan pawongane rongatus kèhe | gusti yya lunga candranên kari | ngandika ya iki | catur papat iku || |
| 02.026 | lêmbu anusung[3] ing anaknèki | sumukêm sang wadon | adhuh ratuningsun salawase | radyan lajêng sang dyah atut wuri | pănca wijil prapti | angadhêg kang tugu || |
| 02.027 | kang awasta Rêtna Păncawati | agubêl[4] sang anon[5] | sampun kentar yèn tan wruh cadrane[6] | angandika Dyan Banjaransari | pănca lima yayi | jong mot sagara gung || |
| 02.028 | sang dyah angrakul[7] pada sarya ngling | adhuh ratuningo[8] | sampun nukul[9] dyan lajêng lampahe | sang dyah tut wuri prapta nêm kori | ingkang tugu darmi | tan asung lumaju || |
| 02.029 | ikang aran Sarasêdawati | rongatus punang wong | ja lumaju gupitanên mangke | angandika Dyan Banjaransari | sad nênêm satyèki | glar pangonan iku || |
| 02.030 | atut sabda Sarasêdyawati | amawongan [[f. 15v]: ama...wongan] ingong | tut wuri radyan prapta lampahe | kari sapta kang tugu kapanggih | Dèwi Saptawati | tan asung lumaju || |
| 02.031 | rongwange[10] rongatus angadhangi | gupitanên mangko | Bajaransari alon dêlinge | samta[11] pitu iku ratu kalih | bratayuda sami | sang dyah awotsantun || |
7–8 dari 206
| 1 | angling (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.22.4). (kembali) |
| 2 | anggayuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.23.3). (kembali) |
| 3 | anusu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.26.1). (kembali) |
| 4 | anggubêl (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.27.2). (kembali) |
| 5 | anom (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.27.2). (kembali) |
| 6 | candrane (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.27.3). (kembali) |
| 7 | angrangkul (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 8 | ratuningong (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.28.2). (kembali) |
| 9 | nungkul (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.28.3). (kembali) |
| 10 | rowange (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.31.1). (kembali) |
| 11 | sapta (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.31.4). (kembali) |