Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 42
8–9 dari 206
78–87 dari 2.057
02.030 atut sabda Sarasêdyawati | amawongan [[f. 15v]: ama...wongan] ingong | tut wuri radyan prapta lampahe | kari sapta kang tugu kapanggih | Dèwi Saptawati | tan asung lumaju ||
02.031 rongwange[1] rongatus angadhangi | gupitanên mangko | Bajaransari alon dêlinge | samta[2] pitu iku ratu kalih | bratayuda sami | sang dyah awotsantun ||
02.032 lumaris sang dyah tutut tut wiking | prapta kari mangko | astha tan awèh kang tunggu mangke | Dèwi Asthawati angadhangi | rongwange rong biting | ngandika sang bagus ||
02.033 sapta walu bramana ngajawi | atut sang lir sinom | radyan lajêng dyah tut wuri mangke | prapta lèng songa dipun adhangi | Rêtna Ăngkawati | balane rongatus ||
02.034 marganana wastane puniki | ngling Banjaransinom | nawa sanga kari mênga kabèh | tanpa ngucap Dèwi Ăngkawati | baya iki aji | kang ingayun-ayun ||
02.035 de sang prabu rara rina wêngi | tut wuri sang sinom | sampun prapta sadasa regole | lêlêng[3] mangu Dyan Bajaransari | sadulu[4] rarasing | ing tirta winangun ||
02.036 saryya adi luwih srining saking | banjar nagasinom | têpas witana lit-alit mangke | cinitrèng mas pinatik rêtna di | pinapajang asri | langsenya kumêndhung ||
02.037 padha tatrap kancana pinatik | mirah widuri jo | itên[5] muncar-mancur ujyalane | puspita nêdhêng gandanira mrik | jamirahe adi | moncor muncar-mancur ||
02.038 samya gêdhah sadaya kinardi | ajajar ing mangko | samya gêdhah putih sabarise | wanèh kuning rêkta wungu adi | lir kasyargan adi | warnanên [[f. 16r]: warnanê...n] dyah ing rum ||
02.039 pawatihira[6] kang têga wijil | ngatura sang anom | lamun ana wong marêk marangke | wong lêlana arsa marêk aji | wus bêdhah kutha ji | lah konên malêbu ||
8–9 dari 206

 


rowange (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.31.1). (kembali)
sapta (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.31.4). (kembali)
lênglêng (dan di tempat lain). (kembali)
sadalu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.35.5). (kembali)
intên (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.37.3). (kembali)
pêpatihira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.39.1). (kembali)