Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 42
12–13 dari 206
119–128 dari 2.057
02.071 kakung èsmu guyu ngling ing rabi | yayah juruh winor | lan madu juruh pupul liringe | lagya sung sipta sang dyah tan apti | sang kakung amrati | ngaras wantu-wantu ||
02.072 tansah kakunge angrêmih-rêmih | saibêt saya jro | kaya supêna tyas ingsun anggèr | karan ingsun kesah sing nagari | ngulari tamba gring | kapanggih ing Galuh ||
02.073 baya tan wêlas mring kawlasasih | lir apupul layon | sing nagara adrapati mangke | sun rêrah myang kadi ing pasir wukir |[1] miwah ing wanadri | tan ana katêmu ||
02.074 ing mangke ta pun Banjaransari | suka têmah layon | sung ujaranira sun têmahe | pamarêk ingsun dewa kapati | baya sira yayi | ratuning wong ayu ||
02.075 sang karèsmara nèng made rukmi | angamêr sang wadon | lir guladrawa wau manise | anglêlan[2] pun Banjaransari |[3] angulati pati | tambaning awuyung ||
02.076 duk ingsun tapèng guwa aguling | sira kèpi ringong | anulya tangi sun age |[4] kadya na tuduh mring ingsun nyayi | sira andikani | mila isun rawuh ||
02.077 sang dyah kukuh datan kêna kokih | dyan sang kakung kepon | saya drês lir bramara syarane | sang kakung tansah nukêmi amrih | nukêmi panêpi | sang dyah sru marlêsu ||
02.078 dadya trêsnane saya bêt prapti | asmune sang dyah doh | nanging lumuh andohi turone | yangyyang madana srada wong iki | nir ta yèn kalang ing | ing rat angudang rum [[f. 18v]] ||
02.079 kang asmara lagya rêmih-rêmih | sang dyah sangsaya doh | tingalana gusti kawulane | siyasatana ing wulang rêsmi | konjêmêna pipi | sangganên pabayun ||
02.080 yèn palastra pun Banjaransari | sukêmênèng pakon | candhinên isun sajroning langse | kirimên ing wiraga malathi | pun Bajaransari | dewa kang sinuwun ||
12–13 dari 206

 


Lebih satu suku kata: sun rêrah kadi ing pasir wukir. (kembali)
anglêlana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.75.4). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: anglêlana pun Banjaransari (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.75.4). (kembali)
Kurang dua suku kata. Bandingkan: anulya tangi ta ingsun age (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.76.3). (kembali)