Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 42
13–14 dari 206
129–138 dari 2.057
02.081 amung sira Yyang Arsmara murti | kang măndra kalangona |[1] aningali puspita kang luse[2] | sang kusuma sihana pun dasih | ruruh kawlasasih | dulunên pukulun ||
02.082 kawlasana pun Banjaransari | dewa sang lir sinom | yyanging Ratih wong Galuh ratune | anjapèning[3] risaking nêgari | yèn ing rat dewa sih | sakramanên ingsun ||
02.083 sang dyah ing pakyan maksa tan kokih | malah pyuh kang layon | sang kakung amrati pangrungrume | lir guladrawa sinrang lan gêndhis | lir bramara amrih | sêkar lagya kucup ||
02.084 sang dyah awênês-wênês awilis | lir pradapa layon | malah lukar kinusya gêlunge | srinatane rusak dèn arasi | tan kawarna pipi | pêpilise rêmpuh ||
02.085 wiraga wrat tibèng tilamsari | miwah tibèng pakon | gêlunge lukar tibèng janggane | kăncanira sampure dyan dèwi | mugèng[4] sang apêkik | sumampir ing bau ||
02.086 sangsaya ture angasih-asih | yyang-yyanging kalangon | dasihe dewa atur sêtyane | pirsakêna ature pun dasih | prasasat [[f. 19r]: prasasa...t] sarêsmi | rasane tiningsun ||
02.087 sun têdha dewa dadia sari | andhap tur angayon[5] | anjalmaa puspita sun age | dadia langên sun cangkramani | dadia marga writ | kambaha dening sun ||
02.088 pindhanira kusuma di luwih | ingsun bramara ngrok | angisêp ing sarinira radèn | nira talagèng sun mangsan anglit | yèn tinar dening |[6] yakti ingsun lampus ||
02.089 Kusumawicitra mêdhar sari | sira yyang kalangon | anyakramani[7] langên-langêne | ing taman nêdhêng amêwah sari | sêkarêna sari | pundhutên pukulun ||
02.090 paran polahe yèn tan kênapti | ling tyase kepon |[8] anglamong tambuh paran-parane | mung sira uni dalu kang kèpi | sang dyah saya dohi | dening daya mrih kung ||
13–14 dari 206

 


Lebih satu suku kata dan biasanya guru lagu o. Bandingkan: kang măndra kalangon (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.81.2). (kembali)
lungse (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.81.3). (kembali)
anjampèni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.82.4). (kembali)
munggèng (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.85.5). (kembali)
angayom (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.87.2). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn tinarsa dening (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.87.5); yèn winarna dening (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.88.5). (kembali)
anyangkramani (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.89.3). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: angling tyase kepon (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.90.2). (kembali)