Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
2 dari 42
14–15 dari 206
134–143 dari 2.057
| 02.086 | sangsaya ture angasih-asih | yyang-yyanging kalangon | dasihe dewa atur sêtyane | pirsakêna ature pun dasih | prasasat [[f. 19r]: prasasa...t] sarêsmi | rasane tiningsun || |
| 02.087 | sun têdha dewa dadia sari | andhap tur angayon[1] | anjalmaa puspita sun age | dadia langên sun cangkramani | dadia marga writ | kambaha dening sun || |
| 02.088 | pindhanira kusuma di luwih | ingsun bramara ngrok | angisêp ing sarinira radèn | nira talagèng sun mangsan anglit | yèn tinar dening |[2] yakti ingsun lampus || |
| 02.089 | Kusumawicitra mêdhar sari | sira yyang kalangon | anyakramani[3] langên-langêne | ing taman nêdhêng amêwah sari | sêkarêna sari | pundhutên pukulun || |
| 02.090 | paran polahe yèn tan kênapti | ling tyase kepon |[4] anglamong tambuh paran-parane | mung sira uni dalu kang kèpi | sang dyah saya dohi | dening daya mrih kung || |
| 02.091 | Banjaransari mênggah saryya ngling | tingalana ingong | ingsun amit kantuna nah agèr | yèn sira dewa asih ing kami | sangonana ugi | gantèn ingsun suwun || |
| 02.092 | minaka[5] paripèh kawlasasih | sun gawa anglamong | ngong pidha-pidha kang asung agèr | sasat sira dewa milu dasih | iku wahyanèki | jiwanira maskun || |
| 02.093 | kantuna gusti muktia sari | mêkua[6] kadhaton | sun pirsakêne sing doh nah agèr | alakia sasamanira ji | ingayapa dening | para putri ayu || |
| 02.094 | radèn dèwi yayah datan pangling [[f. 19v]: pang...ling] | mêdhak[7] sang wira nom | aris lampahe anolèh-nolèh | wau Rahadèn Banjaransari | sang dyah nyiptèng ati | lêhêng milu nglangut || |
| 02.095 | tan bisa tinilara aurip | luwung tugal layon | ingkang lunga cinandhak sabuke | ciptaning sang dyah milu drapati | kagyat radèn mantri | sa[8] rêtna sinambut || |
14–15 dari 206
| 1 | angayom (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.87.2). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn tinarsa dening (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.87.5); yèn winarna dening (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.88.5). (kembali) |
| 3 | anyangkramani (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.89.3). (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: angling tyase kepon (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.90.2). (kembali) |
| 5 | minăngka (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.92.1). (kembali) |
| 6 | mêngkua (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.93.2). (kembali) |
| 7 | mêndhak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.94.2). (kembali) |
| 8 | sang (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.95 .6). (kembali) |