Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
28 dari 42
136–137 dari 206
1.360–1.369 dari 2.057
| 28.013 | duta kalih sinauran angling | Senapati maksih nitih kuda | matura ing sultan age | aseba ulun besuk | lamun sultan amêmarèni | angalap suta mringwang | lawan rabinipun | mangan nginum sun ingatag | mêmarèni apakêna ingsun maksih | doyan nginum amangan || |
| 28.014 | ulun kinèn mêmarèni iki | akurisa mapan rema ămba | tuwuh sadawane dhewe | pagene yèn cinukur | salah sêdya ulun puniki | têka para mantuka | matura sang ulun | yèn mêngkono ujar ingya | Wilamarta Ki Wuragil amit mulih | mring Pajang ugya prapta || |
| 28.015 | pan tumama dhatêng byantara glis | wus cumudhuk[1] ing ngarsa sang nata | mangusapi ing lêbune | ing suku sang wus luguh | maangrêpal[2] ling sang duta ji | Sutawijaya kita | ubanggi nguni sun | kinèn rumiyin lumpah |[3] anèng wutat datatita ngling ing nguni | Sang Senapati Ngalaga |[4]| |
| 28.016 | ri sêdhêng anèng wismane angling | Kyai Juru Senapati Nglaga | kaya pa puniku rèhe | ingandikan sang prabu | boya mangkat yèn mangke prapti | tan wande mêmusuhan | angaturi ulun | kunêng kadipundi kita | mêmusuhan [[f. 120v]: mêmusuha...n] sitên tampènge kinardi | takut mantri Mataram || |
| 28.017 | yèn adunên lawan sang nêrpati | Sultan Pajang kawasa digdaya | taguh[5] bunjana[6] kulite | têlik wetan dhusthèku | i byantara tan tumama ji | kapanggih sirèng nedra | têlik sarêng nuduk | Sultan sakeca anedra | panuduke tibane lir mlalêr[7] mampir | tan têrus kampuhira || |
| 28.018 | punang garwa kagyat samya anjrit | pinarêbutan jêng sultan kagyat | wungu ningali garwane | padha nangis gumrumung | anèng sikilira nêrpati | anarka yèn kabranan | malih cacahipun | ing Mataram nging wong dhomas | lawan Pajang dudu tibange yèn jurit | yakti kalah Mataram || |
| 28.019 | Pajang akèh wong Mataram kêdhik | yèn tibangên kalayyan kang putra | tibang sèwu ing pandume | Pangran Banawa iku | radèn putra kang têlênging sih | bala kèhe salêksa | lirna para mantu | Adipati Dêmak bala | sangang èwu kang mantu Dipati Tubin | wolung èwu balanya || |
| 28.020 | ana lyan mantu putu Dipati | Bantên kalih matang èwu wongya | wong Mataram dhomas kèhe | wêsi karya bêbalung | lan tabaga[8] karyanên kulit | miwah otota kawat | gêgala kang sungsum | tan wande rêmêk kang dhomas | balung pira ginarumung lir antiga ingapit |[9] sela upami antiga wong [[f. 121r]] Mataram |[10]| |
| 28.021 | upama sela wong Pajang iki | yakti rêmak wadya ing Mataram | jurèn[11] Pajang upamane | wadya Mataram timun | yakti rêmak dipun tidhihi | lir sasi wong Mataram | Pajang surya iku | sasi kucêm merang suryya | merang maring ujyalane sang yyang rawi | wong Mataram dahana || |
| 28.022 | wadya Pajang udan sing wiyati | niram gêni sayaktine pêjah | kadi punapi ta rèhe | ugyanira amungsuh | Sultan Pajang Ki Senapati | lir nata kita dhawak | ngandêlkên yèn têguh | tanna tandhing prakosanya | yèn ngabêna pra[12] ge lyan pupya tanapi | kantar bau alawan || |
136–137 dari 206
| 1 | cumundhuk (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.15.2). (kembali) |
| 2 | maangrêpa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.15.5). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kinèn rumiyin lumampah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.15.8). (kembali) |
| 4 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Sang Senapati Nglaga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.15.10). (kembali) |
| 5 | têguh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.17.3). (kembali) |
| 6 | ngunjana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.17.3). (kembali) |
| 7 | lalêr (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.17.9). (kembali) |
| 8 | tambaga. Bandingkan: têmbaga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.20.5). (kembali) |
| 9 | Lebih tiga suku kata. Bandingkan: balung pira kinrubut lir tigan ngapit (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.20.9). (kembali) |
| 10 | Lebih lima suku kata. Bandingkan: ing sela wong Mataram (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.20.10). (kembali) |
| 11 | durèn (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.21.3). (kembali) |
| 12 | prang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.22.9). (kembali) |