Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
28 dari 42
138–139 dari 206
1.374–1.383 dari 2.057
| 28.027 | ngabong tan gêsêng masalah èlmi | dadi mantri dipatya myang raja | pan winurukakên kabèh | muwah sajroing kalbu | maring kita ramanira ji | purwane kita wigya | sakti abêk udu[1] | punapa pamalês kita | dhatêng sultan dan kita sampun asigih | Makurat[2] bala dhomas || |
| 28.028 | Senapati alara anangis | jroning nala mirsa ikang paman | kabèh ing sawirayate | mapan Kiyai Juru | Amartani wutah dènnya ngling | Senapati Anglaga | angrêpa tumukul | karasa yèn kalêrêsan | dyan sumilih Senapati ing Matawis | agya sira dan mojar || |
| 28.029 | Kyai Juru paman Amartani | kadipundi ing rèh pakanira | kang pundi manira angge | kunêng wong dadi ratu | pan alumuh manira iki | saba ing Sultan Pajang | ing karsaning ulun | têtêpa anèng Mataram | têkèng lina tumuna sutèng mami |[3] myang putu buyut canggah || |
| 28.030 | Kyai Juru Amartani angling | prayogane wica manira |[4] nênêdhaa dipun age | maring Yyang dipun asru | dèn pratela sampun akêlir | Gusti lawan kawula | dèn wruh tugalipun | kang sinêmbah mapan Alah [[f. 122r]: A...lah] | kang anyêmbah mapan ta iku atugil | lir satu lan ribagan[5] || |
| 28.031 | yèn wus awas sira ing Yyang Widi | pan têdhanên nagara ing Pajang | ngidhêpa mring kita kabèh | sakèhing para ratu | mapan kita dadia aji | sumiliha ing Pajang | gampangêna iku | pintanên mari[6] Yyang Sukma | têmên-têmên idhêpa rasaning tugil | cara carêm sarêmbat || |
| 28.032 | kaping kalih mintaa mring aji | ramanira walêsên kewala | anti-antinên tatane | ana minta ing kawruh | selanira mapan kaaksi | kaaksine mring sira | lah andi[7] pukulun | nangi[8] punapa nalika | laku ligih solah muna lawan muni | minăngka panêngêran || |
| 28.033 | lamun kita aseba aisin | maring Pajang amita nagara | lah têdhanên têkèng kene | dening doh parêkipun | lamun nyata wadya lan gusti | adoh tanpa wangênan | aparêk puniku | datanpa gêpokan sira | kanyataan lir sarkara lawan manis | tan kengang pasahêna || |
| 28.034 | mapan nyata hèh Ki Senapati | sami nugil rasa lawan sultan | roro anugal jatine | mapan tarkaning ulun | lamun sultan praptèng ing lalis | dan panjênênganira | amaku[9] kaprabun | yakti anak kang atuwa | kang gêntèni panjênênganira aji | datan ana ing kita || |
| 28.035 | nadyan kathah putrane sang aji | norana lyan kita kang atuwa | kinêmpit alit milane | kang dadi manahipun | nanging kita putra sajati | kang dadi pangauban | sakèhe kang sunu [[f. 122v]] | sultan cahyane nurbuwat | wus angalih maring kita wus pinasthi | agêntosi mring sultan || |
| 28.036 | hèh Ki Senapati yèn wis alih[10] | dènnya ujarira tri prakara | kang dhihini wong tuwane | pindho sabdaning guru | kaping tiga sabdaning gusti | mapan dadi satugal | mapan nora wurung | dènira jumênêng nata | nganti sangat sêlêkên nêdha Yyang Widi | kita asru ing brăngta || |
138–139 dari 206
| 1 | sadu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.27.7). (kembali) |
| 2 | Mangkurat. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: têkèng lena tumuruna sutèng mami (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.29.9). (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: prayogane wicara manira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.30.2). (kembali) |
| 5 | rimbagan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.30.10). (kembali) |
| 6 | maring (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.31.8). (kembali) |
| 7 | êndi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.32.7). (kembali) |
| 8 | nanging. Bandingkan: nging (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.32.8). (kembali) |
| 9 | amangku (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.34.7). (kembali) |
| 10 | olih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.36.1). (kembali) |