Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 42
138–139 dari 206
1.376–1.385 dari 2.057
28.029 Kyai Juru paman Amartani | kadipundi ing rèh pakanira | kang pundi manira angge | kunêng wong dadi ratu | pan alumuh manira iki | saba ing Sultan Pajang | ing karsaning ulun | têtêpa anèng Mataram | têkèng lina tumuna sutèng mami |[1] myang putu buyut canggah ||
28.030 Kyai Juru Amartani angling | prayogane wica manira |[2] nênêdhaa dipun age | maring Yyang dipun asru | dèn pratela sampun akêlir | Gusti lawan kawula | dèn wruh tugalipun | kang sinêmbah mapan Alah [[f. 122r]: A...lah] | kang anyêmbah mapan ta iku atugil | lir satu lan ribagan[3] ||
28.031 yèn wus awas sira ing Yyang Widi | pan têdhanên nagara ing Pajang | ngidhêpa mring kita kabèh | sakèhing para ratu | mapan kita dadia aji | sumiliha ing Pajang | gampangêna iku | pintanên mari[4] Yyang Sukma | têmên-têmên idhêpa rasaning tugil | cara carêm sarêmbat ||
28.032 kaping kalih mintaa mring aji | ramanira walêsên kewala | anti-antinên tatane | ana minta ing kawruh | selanira mapan kaaksi | kaaksine mring sira | lah andi[5] pukulun | nangi[6] punapa nalika | laku ligih solah muna lawan muni | minăngka panêngêran ||
28.033 lamun kita aseba aisin | maring Pajang amita nagara | lah têdhanên têkèng kene | dening doh parêkipun | lamun nyata wadya lan gusti | adoh tanpa wangênan | aparêk puniku | datanpa gêpokan sira | kanyataan lir sarkara lawan manis | tan kengang pasahêna ||
28.034 mapan nyata hèh Ki Senapati | sami nugil rasa lawan sultan | roro anugal jatine | mapan tarkaning ulun | lamun sultan praptèng ing lalis | dan panjênênganira | amaku[7] kaprabun | yakti anak kang atuwa | kang gêntèni panjênênganira aji | datan ana ing kita ||
28.035 nadyan kathah putrane sang aji | norana lyan kita kang atuwa | kinêmpit alit milane | kang dadi manahipun | nanging kita putra sajati | kang dadi pangauban | sakèhe kang sunu [[f. 122v]] | sultan cahyane nurbuwat | wus angalih maring kita wus pinasthi | agêntosi mring sultan ||
28.036 hèh Ki Senapati yèn wis alih[8] | dènnya ujarira tri prakara | kang dhihini wong tuwane | pindho sabdaning guru | kaping tiga sabdaning gusti | mapan dadi satugal | mapan nora wurung | dènira jumênêng nata | nganti sangat sêlêkên nêdha Yyang Widi | kita asru ing brăngta ||
28.037 datatita kawarna ing nguni | kang kocapa Senapati ika | ing Mataram kadhatone | agung mangan anginum | ing raina anutug wêngi | [...] | kèhnya wolung èwu | samya langkung ing Mataram | arsa seba ngaturakên bulupêti | dhatêng ing Sultan Pajang ||[9]
28.038 Senapati ing Mataram angling | hèh sakèhe mantri pamajêgan | padha madhêga[10] ing kene | payo mangan anginum | sabên dina ulun puniki | anyêkêli manjangan | sun karya anginum | tanapi banthèng maesa | sabên dina anyêkêl kidang lan kancil | tămbra ulam paraga ||
138–139 dari 206

 


1 Kurang satu suku kata. Bandingkan: têkèng lena tumuruna sutèng mami (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.29.9). (kembali)
2 Kurang satu suku kata. Bandingkan: prayogane wicara manira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.30.2). (kembali)
3 rimbagan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.30.10). (kembali)
4 maring (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.31.8). (kembali)
5 êndi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.32.7). (kembali)
6 nanging. Bandingkan: nging (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.32.8). (kembali)
7 amangku (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.34.7). (kembali)
8 olih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.36.1). (kembali)
9 Kurang satu gatra: gatra ke-6 (7a). Bandingkan: lawan ingkang sêmitra (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.37.6). (kembali)
10 mandhêga (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.38.3). (kembali)