Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 42
135–136 dari 206
1.349–1.358 dari 2.057
28.002 Sultan Pajang ugya nèng sitigil | pan pinarêk anèng sokasana | kancana ana manike | dèn lêlèmèki babut | pan maliyo isine sari | cahyanira sang nata | lir wulan awêlu | sêdhênge wulan purnama | wadya anon akucêm amrêm ing ati | dening sultan lir surya ||
28.003 Sultan Pajang sigra [[f. 119ar]: si...gra] dènira ngling | maring wadya kang anèng ing ngarsa | sira angrênga wartane | Senapati putrèngsun | wus alami anèng Matawi[1] | dening lami tan seba | mapan wus sataun | samayanya wus kaliwat | iku nêgih malilange anèng langit | wulan wêlu purnama ||
28.004 ăngsa munya samayanya prapti | sang yyang surya mèh surupe ika | tujung[2] kucup mêkar kabèh | mapan wus janjinipun | iya nora kêna gumisir | apa karane ika | suntèngsun[3] tan rawuh | Senapati ing Mataram | sajanjine kalawan ingsun ing nguni | dadya madayèng ujar ||
28.005 Ratu Pajang lakung dènnya sakti | manahira lir ăngsa anglayang | muluk salat[4] kaanane | jalma akêm puniku | kepyan kagyat sajroning galih | dening angrênga ujar | nira sang pukulun | wadya matur sadayanya | lah sang nata kawula midhangêt warti | Risang Sutawijaya ||
28.006 kunêng ika aseba ing benjing | arsa balik malah sampun nyithak | adamêl kitha arahe | binacingah puniku | Sultan Pajang sigra dènnya ngling | Ngabèi Wilamarta | Ki Wuragil iku | sira maringa Mataram | dèn waspada ing sapratikahe uni | ing Sang Sutawijaya ||
28.007 dutanira kalih angusapi | lêbu ing suku sang duta mêsat | akêbat ika lampahe | anitih kapal sampun | mring Mataram Ki Senapati | sonya dhatêng Lipura | duta karo nusul | mring Lipura dhatêng sigra | Senapati [[f. 119av]] kapanggih sirèng aligih | ing kuda acêcala ||
28.008 Kyai Gêdhe Wuragil sira ngling | Angabèi Wilamarta nêdha | mudhun saking jaran age | nibalakên ing wuwus | Sultan Pajang mring Senapati | Ngabèi Wilamarta | sigra mangke muwus | Ki Gêdhe Wuragil ika | jangandika arsa mudhun saking waji | Senapati Ngalaga ||
28.009 maksih amanggung anitih waji | jangandika dutanipun sultan | nistha ing mantri tandange | dening mudhun karuwun | saking kuda kang dèn tibali | maksih anugang jaran | jangandika iku | tan prabeda lawan sultan | kang akèngkèn sarupa lan duta singgih | pa[5] sampun rasa tugal ||
28.010 Kyai Gêdhe mangkya sira angling | lah Ngabèi Wilamarta nêdha | mudhun saking waji age | nibalakên pamuwus | kajêng sultan mring Senapati | yèn wruha kang tibalan | rama ji pukulun | Senapati ing Mataram | duta kalih pan kepyan saking ing waji | Senapati Ngalaga ||
28.011 maksih amanggung anitih waji | Angabèi Wilamarta mojar | lah tan linyok ujar ingong | Senapati pan wus wruh | yèn adika duta nêrpati | tan narka yèn mudhuna | saking kuda iku | pakanira lan manira | tanduk mantri kang nistha Ki Senapati | Angalaga ngandika ||
135–136 dari 206

 


1 Matawis. Bandingkan: Mêtawis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.3.5). (kembali)
2 tunjung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.4.3). (kembali)
3 sutèngsun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.4.7). (kembali)
4 salab. (kembali)
5 pan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.9.10). (kembali)