Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
28 dari 42
140–141 dari 206
1.396–1.405 dari 2.057
| 28.049 | sun watara atine wong iki | nora muka dening bojakrama | yèn durung têka karêpe | angayoni maring sun | dêdimène sun anuruti | bênêr têka Si Besan | sisip têka ngisun | upamane awak iwang | kadi cebol apaksa agayu[1] langit | pasthine dipun ina || |
| 28.050 | iya bênêr kang karsa ngayoni [[f. 124r]: ngayo...ni] | lamun ingsun nora mujulana | digdayane lan wong akèh | mosa dadia ratu | pan mêngkana ciptaning ati | nanging datan kawêdal | anukmèng ing kalbu | maksih eca akasukan | anuwuki karsane kang para mantri | pamajêgan sadaya || |
| 28.051 | mantri baksa pan kagiri-giri | anglakara[2] abêk guragadha | amăngga atulungane | sela nulya tinampuh[3] | wawratipun pan tigang dhacin | mantrinira arosa | sêdhêng agul-agul | tan wruh yèn ari sinăngga | karatala lir kapuk salaba sami | ngubulakên awiyat || |
| 28.052 | kadi alap-alap sami mangkin | tingalan katon saalap-alap | datan atara ucule | pan sinoga ing gundhul | pan sinudha[4] tiba ing gigir | ramya dènnya bêbêksan | ana ubul watu | ana kang akopyah lumpang | ngancikan jalma atitir |[5] lir kaya năngga palwa || |
| 28.053 | kalaganjur binaksanan kêris | lan landheyan lan asikêp panah | wanèh kang abaksa tamèng | ingubulakên muluk | punang lêmbing tiba ing gigir | myang tinadhahan jaja | tinudha ing pupu | aprang lêngên para tantang | wanèh urêk talingan lan netra kalih | têguh pupu tinatah || |
| 28.054 | tandangipun lir banthèng akanin | para tantang lan asêsumbar |[6] landheyan ingugêr age | waosipun tinêmpuh | duk dinêdêl tan kêna lungid | sasat wayang-wayangan | fan[7] ilafatipun | cinaning hayun lan baka | tubak kêris têmên-têmên tan nêdhasi | maring jalma [[f. 124v]] satata || |
| 28.055 | mantri asya maring Senapati | an[8] ulun ajanana aprang |[9] ing Mataram sakêbêke | wadyanipa[10] pan purun | nadyan musuhana sang aji | yèn kita ajanana | masthi datan mudur | nadyan tangkêpa salêksa | dêdamêle ing Pajang ulun tan gingsir | dening kawratan dana || |
| 28.056 | mapan kocake ludira mami | lan tugêle ing jăngga kawula | sun sanggakkên panaure | danakrama tuwanku | datan ana tibange uni | anging pêjah prasêtya | anjalma ping pitu | kinawulakêna ingwyang | ing satrêrahira kajêng sang linuwih | wèh yya wèh warah ing tyas || |
| 28.057 | tatkalayar ikang nguni-uni | kapangguhan mantri pamajêgan | nrahakên bulupêtine | kapanggih ta ing ênu | naga tita tan anigêsi | prayoga kang anênga | kita kang kapangguh | adipati kang tumitah | sang liring rat ing pamajêgan pan aring | de kita pan tinaha || |
| 28.058 | pan sakèhe bulupêti mami | pan maringa patikbra tan ana | nagara pan sandehane | Mataram ratu agung | lan nagara ing têpis wiring | sami madhêp sadaya | maring sang aprabu | dening kita kang lumampah | mangke ingsun atapa ing gunung wêsi | kang sinêmbah Ngalaga || |
140–141 dari 206
| 1 | anggayuh. Bandingkan: gayuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.49.9). (kembali) |
| 2 | anglêngkara (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.51.2). (kembali) |
| 3 | tinêmpuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.51.4). (kembali) |
| 4 | sinundha (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.52.5). (kembali) |
| 5 | Kurang empat suku kata. Bandingkan: ngancik jalma wau ta nênggih atitir (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.52.9). (kembali) |
| 6 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: para tantang lawan asêsumbar (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.54.2). (kembali) |
| 7 | pan (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.54.7). (kembali) |
| 8 | apan. (kembali) |
| 9 | Kurang satu suku kata: apan ulun ajanana aprang. (kembali) |
| 10 | wadyanira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.55.4). (kembali) |