Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
28 dari 42
139–140 dari 206
1.387–1.396 dari 2.057
| 28.040 | samya nginum sênggak suka larih | samya nêmbang kawin lan kidungan | ngêploki padhaya rame | sukanipun kalakung | Senapa[1] kalawan mantri |[2] pamajêgan sadaya [[f. 123r]: sada...ya] | para garwanipun | Senapati kèn madhaya | prapta kabèh abusana êmêr kêndhit | gêlang kana jamang mas || |
| 28.041 | kalung kilatbau kancana di | asêkang[3] mas itên panugulnya | kasor rawi ujyalane | surêm dening panugul | madhaya naga akala manis |[4] mèsi sêkang jêbadan | konyoh mrik ganda rum | samya lênggah ing ngayunan | nulya mojar hèh sakathah para mantri | pamajêgan sadaya || |
| 28.042 | manira sutèng tuhu nglisahi | maring sira abarèhi[5] miwah | kang sêkar gajah ngulinge | katrapa nèng karnèku | mantri pamajêgan ngrêpa jrih | ningali para garwa | rumakêt basèku | abukuh palungguhira | samya ngrêpa mukanya kajêm ing siti | kadya wus bapa biyang || |
| 28.043 | ambêk manah sadu anèng ngarsi | panêrkane Senapati Nglaga | tuhu têmên tumêdhake | Senapati amuwus | hèh samitra ulun prasami | aja na taha-taha | man jroning nginum |[6] ing rabi ulun sumăngga | ja wirahsa nadyan tumêka ing gati | kawinên yèn sirarsa || |
| 28.044 | halal ulun pan suka kang mantri | pamajêgan pinasalin samya | busana lan pêpantêse | balongsong punang kampuh | kuluknya lus samya barêci | sabuk cangap rineda[7] | sarta lawan dhuwung | sami kandêlan kancana | abra murub pangagene para mantri | kang kinulawisuda || |
| 28.045 | acalana cindhe tanu èsthi | pinarêmas ing parada papan | gêbyar-gêbyar [[f. 123v]] lir thathite | yèn winikis kang kampuh | pan kasilir wau ing angin | kadya ta kinêpêtan | sumrah raganipun | karaos yèn kanikmatan | salamine dèrèng suka kadi mangkin | duk anèng pamajêgan || |
| 28.046 | mantri pamajêgan angandêl ing | padha ngrêpa tumukul sadaya | abukuh ing paligihe | dening dibya abukuh | rêtna wadu widagdèng lungid | apa ka danira |[8] arêmên adulu | tate kinudang ing aprang | pan kawratan sura lagawa ing pati | aglar tanpa sisingan || |
| 28.047 | Senapati Angalaga angling | mulat dhatêng mantri pamajêgan | de sampun pranata kabèh | kusya jêjêl supênuh | wus anarka ngandhih ngajurit | sirnane Sultan Pajang | mangkya kapyatuhu | rampinga rampinga tanggal | kêcap sang mita satata dèn ulati | kang sinêmbah Ngalaga || |
| 28.048 | lamun ingsun angêndhiha jurit | amusuha marang Sultan Pajang | ingsun amriha sirnane | kaya kêna sun adu | sakathahe kang para mantri | ingsun uwus pracaya | tingal ingong suyud | anging ta amung satugal | Kae Basan[9] Bacor pan durung sayakti | atine kaya-kaya || |
| 28.049 | sun watara atine wong iki | nora muka dening bojakrama | yèn durung têka karêpe | angayoni maring sun | dêdimène sun anuruti | bênêr têka Si Besan | sisip têka ngisun | upamane awak iwang | kadi cebol apaksa agayu[10] langit | pasthine dipun ina || |
139–140 dari 206
| 1 | Senapati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.40.5). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Senapati kalayan mantri (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.40.5). (kembali) |
| 3 | asêngkang (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.41.2). (kembali) |
| 4 | Lebih satu suku kata: madhaya naga kala manis. (kembali) |
| 5 | amborèhi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.42.2). (kembali) |
| 6 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: mangan jroning nginum (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.43.7). (kembali) |
| 7 | rinenda. (kembali) |
| 8 | Kurang satu suku kata: apa ka dananira. (kembali) |
| 9 | Besan. (kembali) |
| 10 | anggayuh. Bandingkan: gayuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.49.9). (kembali) |