Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 42
139–140 dari 206
1.390–1.399 dari 2.057
28.043 ambêk manah sadu anèng ngarsi | panêrkane Senapati Nglaga | tuhu têmên tumêdhake | Senapati amuwus | hèh samitra ulun prasami | aja na taha-taha | man jroning nginum |[1] ing rabi ulun sumăngga | ja wirahsa nadyan tumêka ing gati | kawinên yèn sirarsa ||
28.044 halal ulun pan suka kang mantri | pamajêgan pinasalin samya | busana lan pêpantêse | balongsong punang kampuh | kuluknya lus samya barêci | sabuk cangap rineda[2] | sarta lawan dhuwung | sami kandêlan kancana | abra murub pangagene para mantri | kang kinulawisuda ||
28.045 acalana cindhe tanu èsthi | pinarêmas ing parada papan | gêbyar-gêbyar [[f. 123v]] lir thathite | yèn winikis kang kampuh | pan kasilir wau ing angin | kadya ta kinêpêtan | sumrah raganipun | karaos yèn kanikmatan | salamine dèrèng suka kadi mangkin | duk anèng pamajêgan ||
28.046 mantri pamajêgan angandêl ing | padha ngrêpa tumukul sadaya | abukuh ing paligihe | dening dibya abukuh | rêtna wadu widagdèng lungid | apa ka danira |[3] arêmên adulu | tate kinudang ing aprang | pan kawratan sura lagawa ing pati | aglar tanpa sisingan ||
28.047 Senapati Angalaga angling | mulat dhatêng mantri pamajêgan | de sampun pranata kabèh | kusya jêjêl supênuh | wus anarka ngandhih ngajurit | sirnane Sultan Pajang | mangkya kapyatuhu | rampinga rampinga tanggal | kêcap sang mita satata dèn ulati | kang sinêmbah Ngalaga ||
28.048 lamun ingsun angêndhiha jurit | amusuha marang Sultan Pajang | ingsun amriha sirnane | kaya kêna sun adu | sakathahe kang para mantri | ingsun uwus pracaya | tingal ingong suyud | anging ta amung satugal | Kae Basan[4] Bacor pan durung sayakti | atine kaya-kaya ||
28.049 sun watara atine wong iki | nora muka dening bojakrama | yèn durung têka karêpe | angayoni maring sun | dêdimène sun anuruti | bênêr têka Si Besan | sisip têka ngisun | upamane awak iwang | kadi cebol apaksa agayu[5] langit | pasthine dipun ina ||
28.050 iya bênêr kang karsa ngayoni [[f. 124r]: ngayo...ni] | lamun ingsun nora mujulana | digdayane lan wong akèh | mosa dadia ratu | pan mêngkana ciptaning ati | nanging datan kawêdal | anukmèng ing kalbu | maksih eca akasukan | anuwuki karsane kang para mantri | pamajêgan sadaya ||
28.051 mantri baksa pan kagiri-giri | anglakara[6] abêk guragadha | amăngga atulungane | sela nulya tinampuh[7] | wawratipun pan tigang dhacin | mantrinira arosa | sêdhêng agul-agul | tan wruh yèn ari sinăngga | karatala lir kapuk salaba sami | ngubulakên awiyat ||
28.052 kadi alap-alap sami mangkin | tingalan katon saalap-alap | datan atara ucule | pan sinoga ing gundhul | pan sinudha[8] tiba ing gigir | ramya dènnya bêbêksan | ana ubul watu | ana kang akopyah lumpang | ngancikan jalma atitir |[9] lir kaya năngga palwa ||
139–140 dari 206

 


1 Kurang satu suku kata. Bandingkan: mangan jroning nginum (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.43.7). (kembali)
2 rinenda. (kembali)
3 Kurang satu suku kata: apa ka dananira. (kembali)
4 Besan. (kembali)
5 anggayuh. Bandingkan: gayuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.49.9). (kembali)
6 anglêngkara (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.51.2). (kembali)
7 tinêmpuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.51.4). (kembali)
8 sinundha (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.52.5). (kembali)
9 Kurang empat suku kata. Bandingkan: ngancik jalma wau ta nênggih atitir (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.52.9). (kembali)