Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 42
141–142 dari 206
1.404–1.413 dari 2.057
28.057 tatkalayar ikang nguni-uni | kapangguhan mantri pamajêgan | nrahakên bulupêtine | kapanggih ta ing ênu | naga tita tan anigêsi | prayoga kang anênga | kita kang kapangguh | adipati kang tumitah | sang liring rat ing pamajêgan pan aring | de kita pan tinaha ||
28.058 pan sakèhe bulupêti mami | pan maringa patikbra tan ana | nagara pan sandehane | Mataram ratu agung | lan nagara ing têpis wiring | sami madhêp sadaya | maring sang aprabu | dening kita kang lumampah | mangke ingsun atapa ing gunung wêsi | kang sinêmbah Ngalaga ||
28.059 nahan mantri pamajêgan angling | dèn sumilih Senapati mojar | sun tarima pracayane | pan dudu kaya iku | karsèng ulun maring sang aji | besuk sira sebaa | sarênga lan ingsun | yèn ana dukane sultan [[f. 125r]: sulta...n] | maring kita mapan ingsun nagêni[1] |[2] ngandêlakên ing prana ||
28.060 kunêng ulun para sêca êning | dukanira sang nata ing Pajang | piyandêl dalêm agêdhe | karsanira sang prabu | sakathahe wus anèng kami | lamun ta sira karsa | jumênêng tumênggung | kang maksih luguh walulang | miwah pidak kang arsa aligih lampit | anulya winarahan ||
28.061 aluwaran wau Senapati | sakathahe mantri pamajêgan | samya mulih mring pondhoke | Kyai Bacor winuwus | ikang tansah ananting-nanting | karsane Panêmbahan | iku durung rujuk | dahat arsa ngayonana | ing bobote Senapati ing Matawis | Ki Bacor nukmèng ing tyas ||
28.062 kaya ngapa sanak-sanak mami | têka mêkene[3] polahe padha | milu byung karamèn-ramèn | nora matara laku | kaya rare dènira sami | rêp junjung Senapatya | dèn tibanga iku | mapan cili Senapatya | kudu mungsuh ing Pajang yèn durung mami | ngayoni babotira ||
28.063 Ki Senapati Nglaga Matawis | pan ingsun durung dhèrèk dening ta | nora idhêp sarirane | dening apaksa luhung | baya kulit tambaga adi | asungsuma gêgala | yèn tan pasah ingsun | suduk iki kêris iwang | arêp ingsun ngawula surup yyang rawi | Bacor nutugi karsa ||
28.064 apan arsa malêbu nyidrani | mring Senapati krise tinatap | măngga mring kapuk landhêpe | Kêbodhêngên [[f. 125v]: Kê...bodhêngên] ranipun | sampun mangkat lumêbèng puri | sapraptane ing pura | sakèhe kang tugu | kari sampun winangsitan | marang panêmbahan api tan wruh sami | Ki Bacor manjing pura ||
28.065 Panêmbahan kapanggih aligih | ngukurakên kari lagya dhahar | Ki Bacor narajang age | nuduki sru kalangkung | Panêmbahan pan nora nolih | eca dènira dhahar | lir kaca sinuduk | dening pucuk ngalang-alang | pan malèsèd Sultan Pajang têguhnèki | lir walulang gumêbyag ||
28.066 dhuwung pucuke sigar apalih | kang pratala malah dhukar-dhukar | Bacor sidêkung tibane | lupa sariranipun | Kae Bacor sigra tur bakti | sarta ngaturkên tobat | kawula anuwun | gusti nêdha pangapura | Panêmbahan kagyat nolih saryya angling | kakang wontên punapa ||
141–142 dari 206

 


1 nanggêni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.59.9). (kembali)
2 Kurang satu suku kata. Bandingkan: maring kita pan ingsun ingkang nanggêni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.59.9). (kembali)
3 mêngkene (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.62.2). (kembali)