Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
28 dari 42
140–141 dari 206
1.400–1.409 dari 2.057
| 28.053 | kalaganjur binaksanan kêris | lan landheyan lan asikêp panah | wanèh kang abaksa tamèng | ingubulakên muluk | punang lêmbing tiba ing gigir | myang tinadhahan jaja | tinudha ing pupu | aprang lêngên para tantang | wanèh urêk talingan lan netra kalih | têguh pupu tinatah || |
| 28.054 | tandangipun lir banthèng akanin | para tantang lan asêsumbar |[1] landheyan ingugêr age | waosipun tinêmpuh | duk dinêdêl tan kêna lungid | sasat wayang-wayangan | fan[2] ilafatipun | cinaning hayun lan baka | tubak kêris têmên-têmên tan nêdhasi | maring jalma [[f. 124v]] satata || |
| 28.055 | mantri asya maring Senapati | an[3] ulun ajanana aprang |[4] ing Mataram sakêbêke | wadyanipa[5] pan purun | nadyan musuhana sang aji | yèn kita ajanana | masthi datan mudur | nadyan tangkêpa salêksa | dêdamêle ing Pajang ulun tan gingsir | dening kawratan dana || |
| 28.056 | mapan kocake ludira mami | lan tugêle ing jăngga kawula | sun sanggakkên panaure | danakrama tuwanku | datan ana tibange uni | anging pêjah prasêtya | anjalma ping pitu | kinawulakêna ingwyang | ing satrêrahira kajêng sang linuwih | wèh yya wèh warah ing tyas || |
| 28.057 | tatkalayar ikang nguni-uni | kapangguhan mantri pamajêgan | nrahakên bulupêtine | kapanggih ta ing ênu | naga tita tan anigêsi | prayoga kang anênga | kita kang kapangguh | adipati kang tumitah | sang liring rat ing pamajêgan pan aring | de kita pan tinaha || |
| 28.058 | pan sakèhe bulupêti mami | pan maringa patikbra tan ana | nagara pan sandehane | Mataram ratu agung | lan nagara ing têpis wiring | sami madhêp sadaya | maring sang aprabu | dening kita kang lumampah | mangke ingsun atapa ing gunung wêsi | kang sinêmbah Ngalaga || |
| 28.059 | nahan mantri pamajêgan angling | dèn sumilih Senapati mojar | sun tarima pracayane | pan dudu kaya iku | karsèng ulun maring sang aji | besuk sira sebaa | sarênga lan ingsun | yèn ana dukane sultan [[f. 125r]: sulta...n] | maring kita mapan ingsun nagêni[6] |[7] ngandêlakên ing prana || |
| 28.060 | kunêng ulun para sêca êning | dukanira sang nata ing Pajang | piyandêl dalêm agêdhe | karsanira sang prabu | sakathahe wus anèng kami | lamun ta sira karsa | jumênêng tumênggung | kang maksih luguh walulang | miwah pidak kang arsa aligih lampit | anulya winarahan || |
| 28.061 | aluwaran wau Senapati | sakathahe mantri pamajêgan | samya mulih mring pondhoke | Kyai Bacor winuwus | ikang tansah ananting-nanting | karsane Panêmbahan | iku durung rujuk | dahat arsa ngayonana | ing bobote Senapati ing Matawis | Ki Bacor nukmèng ing tyas || |
| 28.062 | kaya ngapa sanak-sanak mami | têka mêkene[8] polahe padha | milu byung karamèn-ramèn | nora matara laku | kaya rare dènira sami | rêp junjung Senapatya | dèn tibanga iku | mapan cili Senapatya | kudu mungsuh ing Pajang yèn durung mami | ngayoni babotira || |
140–141 dari 206
| 1 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: para tantang lawan asêsumbar (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.54.2). (kembali) |
| 2 | pan (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.54.7). (kembali) |
| 3 | apan. (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata: apan ulun ajanana aprang. (kembali) |
| 5 | wadyanira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.55.4). (kembali) |
| 6 | nanggêni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.59.9). (kembali) |
| 7 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: maring kita pan ingsun ingkang nanggêni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.59.9). (kembali) |
| 8 | mêngkene (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.62.2). (kembali) |