Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 42
143–144 dari 206
1.423–1.432 dari 2.057
28.076 buyutira jumênêng Matawis | nêrpatine suka myang wibawa | sugih rêtna kancanane | salaka barana gung | amêkasi jumênêng aji | nêgaranipun rêngka | myang lintang kumukus | grahana sasi lan suryya | luhur gunung udan awu myang karikil | cinane tutur iwang ||
28.077 nuli lintang sirna myang wiyati | dan sumilih Senapati asya | baya prapta ing pasthine | ulun mangku kaprabun | têkèng suta myang putu mami | buyut pan dadi nata | Ratu Jawa nukul | ulun dilah tanah Jawi |[1] pan sumilih jênêngira [[f. 127r]] rama aji | Sultan Pajang pan sirna ||
28.078 Kyai Juru Amartani angling | hèh Ki Senapati Angalaga | aja ubriya[2] mangke |[3] tan wênang ujar luput | amasthèkên[4] kang durung jati | benjing têkèng saksana | amanggihi mungsuh | satêngahira payudan | yèn madyaa ujar andika ing nguni | kaya ta kapangguha ||
28.079 kadipundi rèh angandêl iki | ujar lintang pan dudu manusya | ewoh cinêkêl labene[5] | ora masthi kapangguh | beda jalma masthi kapanggih | ujar dudu lan iya | masthi yèn katêmu | dening sami padha jalma | rèh supêna zaiz arane puniki | wênang dudu lan iya ||
28.080 ri saksana yèn prapta ring jurit | ora wurung mami lawan sira | kapangguh i payudane | kalah mênanga iku | pasthi sira kalawan mami | anglakoni ayuda | yèn jaya pukulun | masthi jumênang[6] narendra | lamun kalah katawan sira amasthi | Senapati sandeya ||
28.081 jroning nala myarsa tuturnèki | ikang paman Senapatya mojar | kadipudi[7] ngandêl rèhe | tanpa rerehan ulun | [...] | saparipolahira | sakarsanira nut | ulun mapan tan dadia | karsa sawiji cra carêm sarêmbat iki |[8] Juru Martani ngucap ||[9]
28.082 yèn sêmbada lan [[f. 127v]: la...n] karsanirèki | ana ujaring dalil Pangeran | gampangêna ingsun mangke | sakèh sinêdya ulun | ikang angèl sane nru brangti | jur sari dèn palêpah | lah ênadha[10] gupuh | dawêg sami linaksanan | igih ulun migah ing Gunung Marapi | pakanira sêmodra ||
28.083 têdhanên i Yyang nyatakna kapti | Yya[11] Pangeran yya gumingsir nêdha | mintar tumanduk karone | Senapati tumanduk | ngetan bênêr manjing wanadri | wus ambyur Kali Upak | nglangi bathang anut | ana lor gêng tan upama | Tugulwulung[12] rane yèn jalmaa angling | baya mangke manira ||
28.084 apêpanggih lawan gusti mami | sinambut nuganga gigir iwang | ulun naur bêcikane | lumampah karya ulun | alor ika purwane uni | Senapati cangkrama | ing sawangan iku | angêbur ing Kali Samas | jambêt jala pêcak sundhit |[13] rampog susug sèsèrnya ||
28.085 duk asat alor kapêdhak nuli | jalma ningali samya garjita | wadya parêbutan rame | cinêkêli wong agung | katur Senapati sigra ngling | hèh wong sanak sadaya | êntasêna iku | anulya mina binakta | dhatêng lasta binusanan kanca di |[14] kinalungan lan jamang ||
143–144 dari 206

 


1 Biasanya guru lagu a. Bandingkan: Jawa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.77.8). (kembali)
2 jubriya. (kembali)
3 Kurang satu suku kata. Bandingkan: aja ubriya [jubriya] ta mangke (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.78.3). (kembali)
4 amasthèkkên. (kembali)
5 lambene (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.79.3). (kembali)
6 jumênêng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.80.8). (kembali)
7 kadipundi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.81.3). (kembali)
8 Lebih satu suku kata. Bandingkan: karsa swiji cra carêm sarêmbat iki. (kembali)
9 Kurang satu gatra: gatra ke-5 (9i). Bandingkan: aris mojar Juru Martani (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.81.5). (kembali)
10 anêdha (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.82.7). (kembali)
11 Yyang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.83.2). (kembali)
12 Tunggulwulung (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.83.9). (kembali)
13 Kurang empat suku kata. Bandingkan: jambêt jala pêcak wuwu lawan sundhit (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.84.9). (kembali)
14 Kurang satu suku kata. Bandingkan: binusanan wau dening kancana di (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.85.9). (kembali)