Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
28 dari 42
143–144 dari 206
1.426–1.435 dari 2.057
| 28.079 | kadipundi rèh angandêl iki | ujar lintang pan dudu manusya | ewoh cinêkêl labene[1] | ora masthi kapangguh | beda jalma masthi kapanggih | ujar dudu lan iya | masthi yèn katêmu | dening sami padha jalma | rèh supêna zaiz arane puniki | wênang dudu lan iya || |
| 28.080 | ri saksana yèn prapta ring jurit | ora wurung mami lawan sira | kapangguh i payudane | kalah mênanga iku | pasthi sira kalawan mami | anglakoni ayuda | yèn jaya pukulun | masthi jumênang[2] narendra | lamun kalah katawan sira amasthi | Senapati sandeya || |
| 28.081 | jroning nala myarsa tuturnèki | ikang paman Senapatya mojar | kadipudi[3] ngandêl rèhe | tanpa rerehan ulun | [...] | saparipolahira | sakarsanira nut | ulun mapan tan dadia | karsa sawiji cra carêm sarêmbat iki |[4] Juru Martani ngucap ||[5] |
| 28.082 | yèn sêmbada lan [[f. 127v]: la...n] karsanirèki | ana ujaring dalil Pangeran | gampangêna ingsun mangke | sakèh sinêdya ulun | ikang angèl sane nru brangti | jur sari dèn palêpah | lah ênadha[6] gupuh | dawêg sami linaksanan | igih ulun migah ing Gunung Marapi | pakanira sêmodra || |
| 28.083 | têdhanên i Yyang nyatakna kapti | Yya[7] Pangeran yya gumingsir nêdha | mintar tumanduk karone | Senapati tumanduk | ngetan bênêr manjing wanadri | wus ambyur Kali Upak | nglangi bathang anut | ana lor gêng tan upama | Tugulwulung[8] rane yèn jalmaa angling | baya mangke manira || |
| 28.084 | apêpanggih lawan gusti mami | sinambut nuganga gigir iwang | ulun naur bêcikane | lumampah karya ulun | alor ika purwane uni | Senapati cangkrama | ing sawangan iku | angêbur ing Kali Samas | jambêt jala pêcak sundhit |[9] rampog susug sèsèrnya || |
| 28.085 | duk asat alor kapêdhak nuli | jalma ningali samya garjita | wadya parêbutan rame | cinêkêli wong agung | katur Senapati sigra ngling | hèh wong sanak sadaya | êntasêna iku | anulya mina binakta | dhatêng lasta binusanan kanca di |[10] kinalungan lan jamang || |
| 28.086 | mas luru wus binusanan nuli | mina alor inguculkên [[f. 128r]: ing...uculkên] egal | ngaran Tugulwulung mangke | nèng toya cahya mancur | anglir palwa ngabong jaldri |[11] jro toya tiningalan | lir raditya murub | satuhunipun kang mina | alor iku mina narendra anuli | angèli Senapatya || |
| 28.087 | tan kandhêg prapta sawangan uni | pan angadêg satêpi samodra | Sagara Kidul alune | kagiri tri gumuruh | kang jaladri gurnita uni | wrêg obak saprawata | tan owah warnèku | sa dènnya was Senapatya | ing Mataram sagara gumêdêr wêdi | tan ana pasengkaban || |
| 28.088 | wani panas lir runtuh kang rawi | mina gah sagunung gêngira |[12] wuru aking kumubulèn | buntêl parang kabêntus | maltuk utêk sumirat saking | tutuk drês kang ludira | kotbuta kadulu | mugyèng parang ribang roro padha milar |[13] buyung trêsna urang aking lir ginari | ngrèb julu[14] pênyu ika || |
143–144 dari 206
| 1 | lambene (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.79.3). (kembali) |
| 2 | jumênêng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.80.8). (kembali) |
| 3 | kadipundi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.81.3). (kembali) |
| 4 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: karsa swiji cra carêm sarêmbat iki. (kembali) |
| 5 | Kurang satu gatra: gatra ke-5 (9i). Bandingkan: aris mojar Juru Martani (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.81.5). (kembali) |
| 6 | anêdha (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.82.7). (kembali) |
| 7 | Yyang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.83.2). (kembali) |
| 8 | Tunggulwulung (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.83.9). (kembali) |
| 9 | Kurang empat suku kata. Bandingkan: jambêt jala pêcak wuwu lawan sundhit (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.84.9). (kembali) |
| 10 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: binusanan wau dening kancana di (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.85.9). (kembali) |
| 11 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: anglir palwa ngambah jaladri (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.86.5). (kembali) |
| 12 | Kurang satu suku kata: mina gajah sagunung gêngira. (kembali) |
| 13 | Lebih empat suku kata. Bandingkan: mugèng ing aparang ribang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.88.8). (kembali) |
| 14 | jalu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.88.10). (kembali) |