Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 42
136–137 dari 206
1.354–1.363 dari 2.057
28.007 dutanira kalih angusapi | lêbu ing suku sang duta mêsat | akêbat ika lampahe | anitih kapal sampun | mring Mataram Ki Senapati | sonya dhatêng Lipura | duta karo nusul | mring Lipura dhatêng sigra | Senapati [[f. 119av]] kapanggih sirèng aligih | ing kuda acêcala ||
28.008 Kyai Gêdhe Wuragil sira ngling | Angabèi Wilamarta nêdha | mudhun saking jaran age | nibalakên ing wuwus | Sultan Pajang mring Senapati | Ngabèi Wilamarta | sigra mangke muwus | Ki Gêdhe Wuragil ika | jangandika arsa mudhun saking waji | Senapati Ngalaga ||
28.009 maksih amanggung anitih waji | jangandika dutanipun sultan | nistha ing mantri tandange | dening mudhun karuwun | saking kuda kang dèn tibali | maksih anugang jaran | jangandika iku | tan prabeda lawan sultan | kang akèngkèn sarupa lan duta singgih | pa[1] sampun rasa tugal ||
28.010 Kyai Gêdhe mangkya sira angling | lah Ngabèi Wilamarta nêdha | mudhun saking waji age | nibalakên pamuwus | kajêng sultan mring Senapati | yèn wruha kang tibalan | rama ji pukulun | Senapati ing Mataram | duta kalih pan kepyan saking ing waji | Senapati Ngalaga ||
28.011 maksih amanggung anitih waji | Angabèi Wilamarta mojar | lah tan linyok ujar ingong | Senapati pan wus wruh | yèn adika duta nêrpati | tan narka yèn mudhuna | saking kuda iku | pakanira lan manira | tanduk mantri kang nistha Ki Senapati | Angalaga ngandika ||
28.012 sarta anèng ing luhuring waji | Angabèi Wilamarta kita | prapta ragane [[f. 120r]] kèn |[2] duta kalih amuwus | dahat ulun duta sang aji | angêmban pangandika- | nira sang aulun | mangan nginum marènana | asebaa maring Pajang dipun aglis | myang kita akurisa ||
28.013 duta kalih sinauran angling | Senapati maksih nitih kuda | matura ing sultan age | aseba ulun besuk | lamun sultan amêmarèni | angalap suta mringwang | lawan rabinipun | mangan nginum sun ingatag | mêmarèni apakêna ingsun maksih | doyan nginum amangan ||
28.014 ulun kinèn mêmarèni iki | akurisa mapan rema ămba | tuwuh sadawane dhewe | pagene yèn cinukur | salah sêdya ulun puniki | têka para mantuka | matura sang ulun | yèn mêngkono ujar ingya | Wilamarta Ki Wuragil amit mulih | mring Pajang ugya prapta ||
28.015 pan tumama dhatêng byantara glis | wus cumudhuk[3] ing ngarsa sang nata | mangusapi ing lêbune | ing suku sang wus luguh | maangrêpal[4] ling sang duta ji | Sutawijaya kita | ubanggi nguni sun | kinèn rumiyin lumpah |[5] anèng wutat datatita ngling ing nguni | Sang Senapati Ngalaga |[6]|
28.016 ri sêdhêng anèng wismane angling | Kyai Juru Senapati Nglaga | kaya pa puniku rèhe | ingandikan sang prabu | boya mangkat yèn mangke prapti | tan wande mêmusuhan | angaturi ulun | kunêng kadipundi kita | mêmusuhan [[f. 120v]: mêmusuha...n] sitên tampènge kinardi | takut mantri Mataram ||
136–137 dari 206

 


1 pan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.9.10). (kembali)
2 Kurang dua suku kata. Bandingkan: prapta ragane kinèngkèn (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.12.3). (kembali)
3 cumundhuk (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.15.2). (kembali)
4 maangrêpa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.15.5). (kembali)
5 Kurang satu suku kata. Bandingkan: kinèn rumiyin lumampah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.15.8). (kembali)
6 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Sang Senapati Nglaga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.15.10). (kembali)