Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28–29 dari 42
144–145 dari 206
1.434–1.443 dari 2.057
28.087 tan kandhêg prapta sawangan uni | pan angadêg satêpi samodra | Sagara Kidul alune | kagiri tri gumuruh | kang jaladri gurnita uni | wrêg obak saprawata | tan owah warnèku | sa dènnya was Senapatya | ing Mataram sagara gumêdêr wêdi | tan ana pasengkaban ||
28.088 wani panas lir runtuh kang rawi | mina gah sagunung gêngira |[1] wuru aking kumubulèn | buntêl parang kabêntus | maltuk utêk sumirat saking | tutuk drês kang ludira | kotbuta kadulu | mugyèng parang ribang roro padha milar |[2] buyung trêsna urang aking lir ginari | ngrèb julu[3] pênyu ika ||
28.089 kapanasên mina alit mati | wanèh na mina sora syaranya | kapêtêkan dhasar mangke | tibèng pinggir munya sru | aranane kapicil mijil | nulya pralina mina | pêsu kapya lêbur | kang gajah mina upama | sarbargata kalalèn kakap ing nguni | padha malêbèng toya ||
28.090 ampuh samodra toya lir rawi | ikang mina pêjah abaranang | sowang padha lampus mangke [[f. 128v]] | dyan kèh wuyutan iku | ula naga basok pratiwi | sudira tan carana | tatkalanya iku | gya na ing jaladri mapan | kolèh panangnakan kudra palayuning | gya obak kasrêrag toya |[4]|
28.091 duk lumibak[5] ta ing jalanidi | nulya sira ta wau gumiwang | bèbèn gra umuh mangke |[6] păncawura gung umung | ringdik desa wilêtan uni | kilat thathit pracăndha | kidul wetan rawuh | gumiri-giri gurnita | toya mijil mugah prawata gumiring | prabawa bayu bajra ||
28.092 angin topan apuhan gêng prapti | obak agêng migah ing prawata | gumêrah saparbawane | kagyat kanggêk Ni Kidul | pasilanya kuthilang manik | sigra magung [7] mangrêngga | dènira malungguh | dening naga kang malayya | mêtu anon atakut dènnya ningali | toya mênggah kasmaran ||
29. Asmaradana
29.001 Nyai Kidul alon angling | anukmèng daya ing nala | alami tan dulu mangke | rêtu ombaking samodra | arêg[8] mina kang lina | umob lir raditya rutuh | hèrnya panas kadi wedang ||
29.002 pan baya ta mangke iki | ingaran ari kiyamat | obak gêng tan kadi mangke | Ni Kidul manah ruditya | awas mulat ing mina | gègèr mina kathah lampus | marêngga ing luguhira [[f. 129r]] ||
29.003 Nyai Kidul mêsat aglis | gya prapta ing madyatara[9] | mulat jagat nêrus mangke | kang kasongan ing akasa | kasăngga ing buwana | tanna kaèksi lyanipun | nging Senapati Ngalaga ||
29.004 ngadêg têpining jaladri | Nyai Kidul aris mojar | talyana ki baya rajèng | ing tanah Jawa sadaya | kumêrud aru-ara | ing samodra Nyai Kidul | têdhak saking jumatara[10] ||
144–145 dari 206

 


1 Kurang satu suku kata: mina gajah sagunung gêngira. (kembali)
2 Lebih empat suku kata. Bandingkan: mugèng ing aparang ribang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.88.8). (kembali)
3 jalu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.88.10). (kembali)
4 Lebih satu suku kata. Bandingkan: gya ombak kasrêg toya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.90.10). (kembali)
5 lumimbak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.91.1). (kembali)
6 Kurang satu suku kata. Bandingkan: bebenagrang umuh mangke (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.91.3). (kembali)
7 manggung (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.92.6). (kembali)
8 orêg (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 29.1.5). (kembali)
9 madyantara. (kembali)
10 jumantara. (kembali)