Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 42
143–144 dari 206
1.430–1.439 dari 2.057
28.083 têdhanên i Yyang nyatakna kapti | Yya[1] Pangeran yya gumingsir nêdha | mintar tumanduk karone | Senapati tumanduk | ngetan bênêr manjing wanadri | wus ambyur Kali Upak | nglangi bathang anut | ana lor gêng tan upama | Tugulwulung[2] rane yèn jalmaa angling | baya mangke manira ||
28.084 apêpanggih lawan gusti mami | sinambut nuganga gigir iwang | ulun naur bêcikane | lumampah karya ulun | alor ika purwane uni | Senapati cangkrama | ing sawangan iku | angêbur ing Kali Samas | jambêt jala pêcak sundhit |[3] rampog susug sèsèrnya ||
28.085 duk asat alor kapêdhak nuli | jalma ningali samya garjita | wadya parêbutan rame | cinêkêli wong agung | katur Senapati sigra ngling | hèh wong sanak sadaya | êntasêna iku | anulya mina binakta | dhatêng lasta binusanan kanca di |[4] kinalungan lan jamang ||
28.086 mas luru wus binusanan nuli | mina alor inguculkên [[f. 128r]: ing...uculkên] egal | ngaran Tugulwulung mangke | nèng toya cahya mancur | anglir palwa ngabong jaldri |[5] jro toya tiningalan | lir raditya murub | satuhunipun kang mina | alor iku mina narendra anuli | angèli Senapatya ||
28.087 tan kandhêg prapta sawangan uni | pan angadêg satêpi samodra | Sagara Kidul alune | kagiri tri gumuruh | kang jaladri gurnita uni | wrêg obak saprawata | tan owah warnèku | sa dènnya was Senapatya | ing Mataram sagara gumêdêr wêdi | tan ana pasengkaban ||
28.088 wani panas lir runtuh kang rawi | mina gah sagunung gêngira |[6] wuru aking kumubulèn | buntêl parang kabêntus | maltuk utêk sumirat saking | tutuk drês kang ludira | kotbuta kadulu | mugyèng parang ribang roro padha milar |[7] buyung trêsna urang aking lir ginari | ngrèb julu[8] pênyu ika ||
28.089 kapanasên mina alit mati | wanèh na mina sora syaranya | kapêtêkan dhasar mangke | tibèng pinggir munya sru | aranane kapicil mijil | nulya pralina mina | pêsu kapya lêbur | kang gajah mina upama | sarbargata kalalèn kakap ing nguni | padha malêbèng toya ||
28.090 ampuh samodra toya lir rawi | ikang mina pêjah abaranang | sowang padha lampus mangke [[f. 128v]] | dyan kèh wuyutan iku | ula naga basok pratiwi | sudira tan carana | tatkalanya iku | gya na ing jaladri mapan | kolèh panangnakan kudra palayuning | gya obak kasrêrag toya |[9]|
28.091 duk lumibak[10] ta ing jalanidi | nulya sira ta wau gumiwang | bèbèn gra umuh mangke |[11] păncawura gung umung | ringdik desa wilêtan uni | kilat thathit pracăndha | kidul wetan rawuh | gumiri-giri gurnita | toya mijil mugah prawata gumiring | prabawa bayu bajra ||
28.092 angin topan apuhan gêng prapti | obak agêng migah ing prawata | gumêrah saparbawane | kagyat kanggêk Ni Kidul | pasilanya kuthilang manik | sigra magung [12] mangrêngga | dènira malungguh | dening naga kang malayya | mêtu anon atakut dènnya ningali | toya mênggah kasmaran ||
143–144 dari 206

 


1 Yyang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.83.2). (kembali)
2 Tunggulwulung (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.83.9). (kembali)
3 Kurang empat suku kata. Bandingkan: jambêt jala pêcak wuwu lawan sundhit (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.84.9). (kembali)
4 Kurang satu suku kata. Bandingkan: binusanan wau dening kancana di (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.85.9). (kembali)
5 Kurang satu suku kata. Bandingkan: anglir palwa ngambah jaladri (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.86.5). (kembali)
6 Kurang satu suku kata: mina gajah sagunung gêngira. (kembali)
7 Lebih empat suku kata. Bandingkan: mugèng ing aparang ribang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.88.8). (kembali)
8 jalu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.88.10). (kembali)
9 Lebih satu suku kata. Bandingkan: gya ombak kasrêg toya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.90.10). (kembali)
10 lumimbak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.91.1). (kembali)
11 Kurang satu suku kata. Bandingkan: bebenagrang umuh mangke (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.91.3). (kembali)
12 manggung (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.92.6). (kembali)