Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 42
19–20 dari 206
190–199 dari 2.057
| 03.017 | padhaya rong rancak ngapit | pêpingitan anèng ngarsa | lir Yang Marmata yèn tinon | wus pinarêk singasana | kang mugèng sitibêntar | akubêng kang para arum | kang angampil samir sutra || |
| 03.018 | Prabu Non[1] Banjaransari | ngandika lah ika sapa | jalma roro ikang pepe | satêngah waringin kêmbar | bocah sira priksaa | gandhèk istri gumarudug | patang puluh pêpalayyan || |
| 03.019 | kumêpyur Kyai Satami[2] | ikang èstri dharodhogan | ura linyok ujar ingong | mau ingsun ajak lunga | Ki Satomi angucap | aja akèh dira muwus | padha asrah ing jewata[3] || |
| 03.020 | kunêng gadhèk[4] èstri prapti | hèh tibalaning[5] naledra | manira kinon têtakèn | dening ta tigas kawuryya[6] | sapa ta aranira | miwah pinăngka ing pukur[7] | lan punapi sêdyanira || |
| 03.021 | dika matur ing nêrpati | kula jalma Sukapura | pun Satomi aran ingong | puniki somah kawula | tanpa wêkas ijir ingwang [[f. 23r]] |[8] mila kawula anglangut | angulari nayakèng rat || |
| 03.022 | ikang yogya mutêr bumi | mila kawula asowan | ayun ngabakti wiyose | têdahing dewa bathara | ing Galuh ana nata | mangke sumăngga sang prabu | lah nyai dika turêna || |
| 03.023 | gandhèk èstri sampun bali | wus katur salampahira | kinèn anibali age | tan dangu prapta ngajêngan | adoh ingawe nata | kinèn parêk dènnya luguh | ngabakti sumukêm pada || |
| 03.024 | abukuh kajêm[9] ing siti | tan kawasa ningalana | saking cahya karatone | ing jaja murub apadhang | Ki Satomi tan kilap | angandika sang aprabu | hèh pajara karyanira || |
| 03.025 | purwa madya seba mami | Ki Satami apranata | sinuwun mula-mulane | kawula tiyang baruthal | kala dahuru jaman | ana[10] putu ămba agung | tur sami gagah prakosa || |
| 03.026 | samya ămba parentahi | mêmaling begal angêtal | miwah ba kèn nukup mangke | ikang tan anut kawula | dadya ulun kèringan | tanpa wêkas pikir ulun | rêmbagan kawula kesah || |
19–20 dari 206
| 1 | Nom (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.18.1). (kembali) |
| 2 | Satomi (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.19.1). (kembali) |
| 3 | jawata (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.19.7). (kembali) |
| 4 | gandhèk (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.20.1). (kembali) |
| 5 | timbalaning (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.20.2). (kembali) |
| 6 | kawuryan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.20.4). (kembali) |
| 7 | pungkur (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.20.6). (kembali) |
| 8 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: tanpa wêkas jir ingwang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.21.5). (kembali) |
| 9 | konjêm (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.24.1). (kembali) |
| 10 | anak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.25.6). (kembali) |